Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 12 >> 

1Sawisé lelakon mau, Gusti Allah utusan Nabi Natan sowan Raja Dawud. Nabi Natan banjur sowan lan matur, "Wonten tiyang kalih nunggil kitha; ingkang setunggal sugih, setunggalipun miskin.

2Ingkang sugih gadhah lembu saha ménda gèmbèl kathah,

3déné ingkang miskin namung gadhah cempé setunggal, enggènipun tumbas. Cempé wau dipun opèni ngantos dados ageng, dipun kandhang ing griyanipun sesarengan kaliyan anak-anakipun. Cempé menika tumut nedha sareng kaliyan tiyang menika, ngombé saking cangkiripun lan tilem ing pangkonipun, cekakipun, kados anakipun èstri piyambak.

4Ing setunggaling dinten tiyang ingkang sugih wau kedhatengan tamu. Nanging mboten purun mragat méndanipun utawi lembunipun piyambak, kanggé nyegah tamunipun. Malah lajeng mendhet cempénipun tiyang ingkang miskin wau, dipun masak kanggé tamunipun."

5Mireng aturé Nabi Natan mengkono mau Dawud banjur muntab dukané marang wong sing sugih, ngandikané, "Siya-siya banget wong sing tumindak mengkono kuwi!

6Wong sing sugih kuwi kudu ngijoli cempé mau tikel ping papat, banjur diukum pati!"

7Tembungé Nabi Natan marang Dawud, "Tiyang menika inggih Sang Prabu piyambak! Ingkang dipun ngandikakaken Gusti, Allahipun Israèl mekaten, ‘Kowé wis Dakdadèkaké rajaning bangsa Israèl lan Dakuwalaké saka tangané Saul.

8Tanah krajan sarta bojoné Saul wis Dakparingaké marang kowé, malah kowé Dakdadèkaké raja mengku tanah Israèl lan Yéhuda. Upamané kuwi durung cukup, mesthi kowé bakal Dakparingi semono menèh.

9Yagéné kowé nyingkur dhawuh-Ku? Yagéné kowé tumindak sing mengkono? Kowé mréntah matèni Uria ing peprangan. Enggonmu matèni srana gegamaning wong Amon, sarta bojoné kokpèk.

10Merga kowé ora mbangun-turut lan ngepèk bojoné Uria, saben sakturunan mesthi ana turunmu sing bakal dipatèni.

11Aku janji bakal nekakaké kasangsaran tumrap kowé, lan bakal kelakon ana ing brayatmu dhéwé. Aku bakal njupuki bojomu lan Dakparingaké marang wong liya, sing bakal nuroni ing wayah awan.

12Kowé wis tumindak dosa kanthi sesidheman, kosokbaliné Aku bakal nindakaké paukuman-Ku kanthi terang-terangan ing sangareping bangsa Israèl.’"

13Pangandikané Dawud marang Nabi Natan, "Kula sampun damel dosa dhateng Gusti Allah." Wangsulané Nabi Natan, "Gusti Allah sampun maringi pangapunten; mila panjenengan mboten badhé séda.

14Nanging mergi panjenengan sampun ngrèmèhaken Gusti Allah kanthi tumindak mekaten menika, putra panjenengan ingkang nembé lair badhé tilar."

15Sawisé kuwi Nabi Natan banjur mulih ing omahé. Putrané Raja Dawud sing lair saka Bètsyéba, randhané Uria, nandhang lara saka Gusti Allah.

16Dawud banjur ndedonga supaya anaké bisa waras, dikanthèni pasa lan saben bengi saré ana ing jogané kamaré.

17Para penggedhéné kraton padha sowan lan nyuwun supaya wungu enggoné ana ing jogan, nanging Dawud ora kersa lan iya ora kersa dhahar bebarengan karo wong-wong mau.

18Bareng wis seminggu bocah mau tilar-donya, nanging wong-wong mau padha ora wani matur. Rerasanané, "Nalika bocah kuwi isih urip, Sang Prabu ora kersa ngandika, apa menèh saiki, sawisé putrané ora ana! Mengko gèk Sang Prabu malah tumindak nékad!"

19Bareng Raja Dawud pirsa para kawulané padha pating klesik, ngira, yèn bocahé wis mati. Banjur ndangu marang wong-wong mau, "Apa bener bocahé wis mati?" "Leres, Sang Prabu," wangsulané wong-wong mau.

20Raja Dawud banjur wungu saka jogan, siram, jebadan, sarta santun busana, sarta ngabekti ing Pedalemané Allah. Sawisé mengkono banjur kondur menyang kraton, mundhut diladosi, banjur dhahar.

21Bareng para abdiné weruh, banjur padha matur, "Kula mboten mangertos. Nalika laré menika taksih gesang, Sang Prabu siyam saha muwun, nanging sasampunipun laré menika tilar, Sang Prabu jumeneng saha dhahar!"

22"Ya," wangsulané Dawud, "Pancèn aku pasa lan nangis nalika bocahé iku isih urip, sebab gagasanku: bisa uga Gusti Allah bakal welas marang aku lan bocahé diparingi urip.

23Nanging saiki, sawisé mati, apa gunané aku pasa terus? Apa aku bisa nguripaké bocah mau menèh? Mbésuk aku bakal lunga menyang panggonané bocah kuwi, nanging bocahé ora bakal bali menyang panggonanku."

24Dawud banjur nglipur atiné Bètsyéba, nuli saré bebarengan. Bètsyéba banjur nglairaké anak lanang sing dijenengaké Suléman. Gusti Allah tresna marang bocah mau,

25lan ndhawuhi Nabi Natan njenengaké bocah mau Yedija, merga Gusti Allah nresnani.

26Ing wektu semana Yoab isih nggempur Raba, yakuwi kuthané negara Amon, sarta kutha mau wis mèh karebut.

27Banjur utusan sowan Raja Dawud sarta nglapuraké, "Kula sampun nyerang Raba, saha ngrebat tandhonipun toya.

28Samenika Sang Prabu mugi kersa nglempakaken wadyabala Israèl ingkang kantun, lajeng mimpin serangan kanggé nelukaken kitha menika. Kanthi mekaten, mboten wonten tiyang ingkang nyariyosaken bilih kula ingkang ngrebat kitha menika."

29Dawud ngumpulaké prejurité kabèh, nglurug menyang Raba, banjur nyerang kutha mau sarta ditelukaké.

30Dawud mundhut makuthané raja Raba sarta diagem ing mestakané dhéwé. Boboté makutha mau kira-kira ana 35 kilogram, ditrètès sesotya éndah. Raja Dawud iya mundhut barang rampasan akèh banget saka kutha mau.

31Kejaba kuwi wongé padha diboyong, lan dikon nggawa graji, pacul lan wadung sarta dikon nyambut-gawé ing panggonan gawé bata. Mengkono mau iya ditindakaké ing kutha-kutha ing negara Amon liyané. Sawisé mengkono Dawud lan prejurité kabèh padha bali menyang Yérusalèm.



 <<  2 Samuel 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel