Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 13 >> 

1Absalom, putrané Dawud, duwé adhi wadon ayu rupané, jenengé Tamar. Amnon, putrané Dawud saka garwa liya, tresna marang Tamar

2lan kepéngin laku sérong karo dhèwèké. Nanging bab kuwi mokal kelakoné, merga Tamar isih prawan lan ora kena sapaturon karo wong lanang. Amnon saka enggoné mikir nganti lara.

3Amnon duwé tepungan sing julig, jenengé Yonadab, anaké Syama kakangné Dawud.

4Yonadab matur marang Amnon, "Pangéran, menapa sebabipun panjenengan saben dinten ketingal sedhih sanget? Wonten menapa?" Wangsulané, "Kula menika kepéncut kaliyan Tamar, adhinipun Absalom sedhèrèk kula."

5Yonadab banjur matur, "Kula aturi saréan ing tempat tidur, kados-kados saweg gerah. Menawi kang rama rawuh nuwèni, matur kémawon, ‘Rama, mugi nglilani Tamar masak tedha kanggé kula ing ngriki. Menawi kula saged ningali piyambakipun masak ing ngriki, kula badhé nedha saking tanganipun.’"

6Amnon banjur nggléthak ing peturon, kaya-kaya lagi lara. Bareng dituwèni Raja Dawud, Amnon matur marang Sang Raja, "Rama, mugi panjenengan lilani Tamar mriki masak roti, supados kula saged kepanggih lan kula badhé nedha saking tanganipun."

7Dawud banjur melingaké Tamar ing kraton, "Lungaa menyang ing omahé sedulurmu Amnon, sarta gawéa roti kanggo dhèwèké."

8Tamar banjur lunga mrana lan ketemu Amnon lagi turon ing peturon. Tamar njupuk jladrèn sethithik, ana ing ngarepé Amnon, banjur ngratengi roti arep dipanggang.

9Sabanjuré roti disuntak saka ing panci sarta diladèkaké. Nanging Amnon ora gelem mangan. Dhèwèké banjur kandha, "Padha metua saka ing kéné!"

10Sawisé kabèh padha metu saka kamar, Amnon kandha karo Tamar, "Roti kuwi gawanen mréné, ing peturonku, lan aku dulangen!" Tamar manut.

11Nanging bareng lagi ngulungaké roti, Amnon nyekel bocah mau karo kandha, "Turua karo aku!"

12"Sampun!" wangsulané prawan mau, "Kula sampun sampéyan peksa nindakaken prekawis ingkang nistha menika! Bab menika babar-pisan mboten kelampahan wonten ing Israèl.

13Menawi menika kelampahan, enggèn kula ndhelikaken rai kula wonten ing pundi? Kaliyan malih, sampéyan piyambak badhé kewirangan wonten ing Israèl. Saénipun sampéyan matur dhateng sang raja, panjenenganipun temtu badhé setuju kula dados sémah sampéyan."

14Nanging Amnon ora maèlu; merga luwih rosa, adhiné mau dipeksa nuruti karepé.

15Nanging sawisé kuwi Amnon sengit banget marang Tamar, ora imbang karo kasmarané mauné. Mula banjur kandha marang adhiné mau, "Metua!"

16Wangsulané Tamar, "Sampun mekaten! Menawi kula dipun tundhung, piawon menika langkung ageng ketimbang ingkang sampun sampéyan lampahi tumrap kula wau!" Nanging Amnon ora gelem ngrungokaké,

17malah banjur ngundang abdiné, tembungé, "Wong iki gawanen metu, lan kuncinen lawangé!"

18Abdiné nindakaké préntah mau. Déné Tamar nganggo klambi kurung sing lengené dawa. Dhèk semana putri-putri kedhaton sing isih prawan lumrahé nganggo sandhangan kaya mengkono kuwi.

19Tamar banjur ngewur-ewuraké awu ing sirahé, sarta nyuwèk klambiné, lan lunga karo nutupi rainé nganggo tangané loro pisan, sarta nangis.

20Bareng Absalom weruh, banjur takon, "Apa Amnon mau meksa kowé sapaturon karo dhèwèké? Wis ta, adhiku, aja kokpikir menèh. Wong kuwi kakangmu dhéwé, dadi prekara iki aja kokkandhakaké karo sapa waé!" Tamar banjur ndhelik ana ing omahé Absalom, atiné susah banget sarta kijènan.

21Midhanget kedadéan mau, Raja Dawud duka banget.

22Absalom ngendhem sengit marang Amnon lan ora gelem caturan karo dhèwèké, merga wis ngrodha-peksa Tamar, adhiné.

23Kacrita sawisé genep rong taun, Absalom nganakaké kraméan mbathili wedhus-wedhusé ana ing Baal Hazor, sacedhaké kutha Éfraim. Absalom ngulemi para putrané sang prabu kabèh.

24Iya sowan Raja Dawud lan matur, "Rama, kula badhé ngawontenaken kraméan nggunting wulu ménda gèmbèl. Mugi Rama kersa ngrawuhi, kaliyan para pengagenging kraton."

25Nanging Raja Dawud paring wangsulan, "Aja anakku, sebab yèn aku kabèh padha teka, bakal gawé susahmu." Absalom nggujek nyuwun rawuhé, nanging ramané tetep ora kersa; mung maringi pangèstu waé.

26Absalom banjur matur, "Menawi mekaten, mugi panjenengan lilani sedhèrèk kula Amnon tumut kaliyan kula sedaya." Ngandikané Raja Dawud, "Dhèwèké ora prelu mèlu."

27Nanging merga Absalom tetep nggujek, wusanané Raja Dawud nglilani Amnon lan para putra liyané padha mèlu. (Absalom banjur ngladèkaké panganan sing sarwa énak banget.)

28Absalom préntah marang para baturé, "Padha diawas, yèn Amnon wis mendem merga ngombé anggur, aku bakal mènèhi aba, nuli Amnon patènana. Aja padha wedi. Aku sing tanggung jawab prekara iki. Sing kendel waé, aja mangu-mangu!"

29Batur-batur mau padha nindakaké préntahé Absalom lan matèni Amnon. Bareng para putrané Dawud meruhi lelakon mau, banjur padha énggal-énggal nunggang bihalé dhéwé-dhéwé sarta lolos.

30Nalika isih ana ing dalan, Raja Dawud wis dicaosi kabar, "Absalom sampun mejahi sedaya putra panjenengan, mboten wonten setunggal kémawon ingkang taksih gesang!"

31Sang raja banjur jumeneng, nyuwèk agemané merga saka susahé, lan ambruk ing jogan. Abdiné kabèh mèlu nyuwèk sandhangané.

32Nanging Yonadab, anaké Syama, kakangné Dawud, matur, "Sang Prabu, sampun kuwatos saha sampun nginten, bilih sedaya putra panjenengan tiwas. Namung Amnon piyambak. Sebab sampun ketawis wonten ing ulatipun Absalom, wiwit Tamar, adhinipun, dipun rodha-peksa déning Amnon.

33Dados sampun pitados, bilih putra panjenengan tiwas sedaya, sebab ingkang tiwas namung Amnon piyambak."

34Dhèk semana Absalom wis lolos. Sing jaga kratoné Raja Dawud padha weruh wong akèh mudhun saka gunung, peneré dalan saka Héronaim. Banjur padha sowan lan nglapuraké marang sang raja.

35Yonadab banjur matur, "Menika putra-putra panjenengan! Cocog kados ingkang kula aturaken kala wau."

36Lagi waé rampung enggoné matur, para putrané Dawud padha mlebu. Kabèh banjur padha nangis kanthi sedhih.

37(13:37-38) Absalom ngungsi menyang kratoné Raja Gésur, yakuwi Talmai anaké Amihur. Enggoné manggon ing kana suwéné telung taun. Raja Dawud suwé nandhang susah merga saka Amnon,

38(13:37)

39nanging sawisé kalipur, banjur kangen banget marang Absalom.



 <<  2 Samuel 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel