Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 18 >> 

1Raja Dawud nglumpukaké prejurité kabèh, banjur dipérang dadi sawetara golongan. Saben golongan nyèwu utawa nyatus. Banjur ngangkat para penggedhéné golongan-golongan mau.

2Sawisé mengkono banjur dilurugaké perang. Kang sapratelon dipimpin déning Yoab, sapratelon dipimpin déning Abisai, adhiné Yoab, lan sapratelon menèh dipimpin déning Itai saka Gat. Dhawuhé raja marang para prejurité, "Aku iya arep mbarengi kowé kabèh."

3Nanging wong-wong mau padha matur, "Sampun, Sang Prabu. Mergi menawi kula sedaya kepeksa mlajeng, utawi kula sepalih sami tiwas, mengsah mboten badhé mreduli, sebab ingkang dipun padosi menika panjenengan. Panjenengan menika aosipun sami kaliyan kula sedaya ingkang sedasa èwu cacahipun menika. Kaliyan malih langkung prayogi menawi panjenengan utusan bala bantuan saking salebeting kitha."

4Dhawuhé raja, "Iya becik, aku nurut karepmu." Raja banjur jumeneng ing sandhing gapuraning kutha, déné prejurité padha baris metu, sagolongan-sagolongan nyèwu utawa nyatus.

5Raja banjur préntah marang Yoab, Abisai lan Itai, "Penjalukku, Absalom, bocah enom kuwi aja dipatèni." Para prejurit padha krungu préntahé Dawud mau.

6Prejurité Raja Dawud banjur mangkat mapagaké prejurit Israèl, sarta padha perang ing alas Éfraim.

7Prejurit Israèl dikalahaké déning prejurité Raja Dawud. Mangka kalahé gedhé banget; ing dina iku sing tiwas wong rong puluh èwu.

8Peprangan sumebar rata ing wilayah kono, sarta luwih akèh sing mati ana ing alas tinimbang sing mati ana ing peprangan.

9Absalom, nalika lagi nunggang bihalé, dumadakan ketemu karo prejurité Dawud. Bihal mau liwat ing sangisoring wit gedhé, lan sirahé Absalom kecanthol pang sing ngrompyok. Bihalé mlayu terus, déné Absalom kèri gumandhul ing kono.

10Ana prejurité Dawud siji sing weruh, banjur lapur marang Yoab, "Kala wau kula sumerep Absalom gumandhul wonten ing wit ageng."

11Yoab mangsuli, "Apa? Kowé meruhi Absalom? Yagéné ora énggal-énggal kokpatèni? Kowé dakopahi dhuwit slaka sepuluh sarta sabuk siji."

12Nanging wong mau matur, "Senajan dipun paringi arta slaka 1.000, kula mboten purun natoni putra raja menika. Kula sedaya sami mireng, menapa ingkang dipun dhawuhaken Raja Dawud dhateng panjenengan, Abisai saha Itai, supados sampun ngantos natoni Absalom, laré enèm menika.

13Sarta saupami kala wau kula mejahi Absalom, mesthi raja badhé mirsa, !!— sebab Sang Prabu midhanget sedaya prekawis !!— lan mesthinipun mboten badhé mbélani kula."

14"Wis cukup omong kosongmu," tembungé Yoab. Yoab banjur njupuk tumbaké telu sarta dijojohaké ing dhadhané Absalom sing nalika semana isih urip lan gumandhul ing wit.

15Banjur ana prejurité Yoab sepuluh sing padha ngroyok lan matèni.

16Yoab ngunèkaké slomprèt, mulané prejurité padha mandheg enggoné nututi prejurit Israèl.

17Jisimé Absalom diangkat sarta dicemplungaké sumur ing alas. Sumur mau diurugi nganggo watu nganti dhuwur. Prejurit Israèl kabèh padha keplayu, lan mulih ing omahé dhéwé-dhéwé.

18Nalika isih urip Absalom mbangun tugu kanggo awaké dhéwé ana ing Lebak Ratu, sebab ora duwé anak lanang sing nerusaké turuné. Tugu mau dijenengaké manut jenengé dhéwé, sarta nganti ing dina iki tugu mau ketelah Tugu Absalom.

19Ahimaas anaké Imam Zadok banjur matur marang Yoab, "Sampéyan lilani kula mlajeng mbekta kabar menika dhateng Sang Raja, bilih Gusti Allah sampun nguwalaken Sang Prabu saking mengsahipun."

20"Aja," tembungé Yoab, "Liya dina waé. Ing dina iki kowé ora kena nggawa kabar kuwi, sebab putrané Sang Raja tiwas."

21Yoab banjur kandha karo prejurité, wong Sudan, "Lungaa, aturna marang raja apa sing kokweruhi." Prejurit mau sujud, banjur lunga karo mlayu.

22Nanging Ahimaas adreng enggoné matur marang Yoab, "Senajana mekaten, kula mugi kalilana mbekta kabar menika." "Yagéné kowé adreng arep lunga, anakku?" pitakoné Yoab, "Tumrap prekara iki kowé ora bakal nampa opah."

23Aturé Ahimaas menèh, "Senajan mekaten, kula badhé késah." "Yèn mengkono, lungaa!" tembungé Yoab. Ahimaas banjur mlayu urut dalan sing ngliwati tanah ngaré Yardèn, lan ora antara suwé bisa ndhisiki prejurit Sudan mau.

24Dawud lagi lenggah ana ing antarané gapura njero lan gapura njaba. Sing jaga munggah ing sandhuwuring témbok, lan ngadeg ana ing payoning gapura mau. Nalika ngawasaké, katon ana wong teka karo mlayu.

25Sing jaga mau banjur matur sora martakaké prekara iki marang Sang Raja. Raja ngandika, "Yèn ijèn tanpa kanca, mesthi nggawa kabar becik." Nalika wong mau wis mèh tekan,

26sing jaga weruh ana wong liya teka karo mlayu. Banjur matur, "Panjenengan pirsani! Wonten tiyang sanès malih mlajeng mriki piyambakan." Raja ngandika, "Mesthi iya nggawa kabar sing becik."

27Sing jaga mau matur, "Tiyang ingkang rumiyin menika Ahimaas, kula saged ngertos saking caranipun mlajeng." "Kuwi wong becik," ngandikané raja, "mesthi nggawa kabar sing becik."

28Ahimaas ngaturi salam marang Sang Raja, banjur sujud lan matur, "Pinujia Allah panjenengan, ingkang sampun masrahaken tiyang-tiyang ingkang mbrontak menika dhateng panjenengan."

29Raja ndangu, "Absalom, nonoman anakku, apa slamet?" Ahimaas matur, "Sang Prabu, kala wau nalika kula dipun utus déning Yoab, kula mireng tiyang sami ramé, nanging kula mboten ngertos menapa ingkang kelampahan."

30"Ngadega ing sisih kana," dhawuhé raja; Ahimaas banjur nisih lan ngadeg ing kono.

31Prejurité Yoab, wong Sudan banjur teka, lan matur marang Sang Raja, "Kula mbekta kabar saé kagum Sang Prabu! Ing dinten menika Gusti Allah sampun maringaken kaunggulan dhateng panjenengan tumrap sedaya tiyang ingkang mbrontak."

32Raja ndangu menèh, "Absalom, nonoman anakku, apa slamet?" Prejurit mau matur, "Kinten kula sedaya mengsah panjenengan, sedaya tiyang ingkang mbrontak dhateng panjenengan, nasibipun sami kaliyan nènèman menika."

33Bareng midhanget mengkono, Raja Dawud susah banget, banjur minggah ing lotènging gapura karo muwun lan sesambat, "Oh anakku! Anakku Absalom! Absalom, anakku! Luwih becik aku waé sing mati nggentèni kowé, anakku! Absalom, anakku!"



 <<  2 Samuel 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel