Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 2 >> 

1Sawisé mengkono, Dawud munjuk marang Gusti Allah, "Menapa Gusti ngersakaken kawula, késah saha ngwaosi setunggaling kitha ing Yéhuda?" Pangandikané Gusti Allah, "Mangkata!" Unjuké Dawud, "Kitha ingkang pundi?" Pangandikané Gusti Allah, "Kutha Hébron."

2Dawud banjur lunga menyang Hébron bebarengan karo bojoné loro: Ahinoam saka Yésreèl, sarta Abigail, randhané Nabal, saka Karmèl.

3Mengkono uga para prejurité lan para brayaté padha mèlu Dawud, banjur padha manggon ing kutha Hébron.

4Wong-wong Yéhuda banjur padha teka ing Hébron, lan njebadi Dawud dadi rajané wong Yéhuda. Bareng Dawud mireng yèn wong-wong Yabès ing Giléad wis ngubur layoné Saul,

5banjur ngutus utusan mrana karo diweling, "Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé kabèh, sebab kowé wis ngètokaké kasetyanmu marang ratumu srana nyarèkaké layoné.

6Mulané, muga-muga Gusti Allah paring sih lan kasetyané marang kowé. Sarèhné kowé wis padha nglakoni prekara kuwi mau, aku bakal nandukaké kabecikan marang kowé kabèh.

7Padha dadia wong sing kuwat lan gagah prakosa. Senajan Saul ratumu wis ora ana, nanging wong-wong Yéhuda wis padha njebadi aku dadi ratuné."

8Sénapatiné Saul, yaiku Abnèr anaké Nèr, wis keplayu bebarengan karo Isybosèt, anaké Saul, sarta nyabrang Kali Yardèn menyang Mahanaim.

9Ing kana Abnèr ngangkat Isybosèt dadi raja ing wilayah Giléad, Asyèr, Yésreèl, Éfraim lan Bènyamin, malah ing satanah Israèl kabèh.

10Isybosèt nalika didadèkaké raja ing Israèl umuré patang puluh taun, déné enggoné mréntah lawasé rong taun. Nanging bangsa Yéhuda tetep setya marang Dawud,

11déné Dawud enggoné mréntah ing Hébron mengku bangsa Yéhuda suwéné pitu setengah taun.

12Abnèr lunga saka Mahanaim menyang kutha Gibéon, bebarengan karo prejurité Isybosèt.

13Yoab, (jenengé ibuné Zeruya) uga mrana bebarengan karo prejurité Dawud liyané. Banjur padha ketemu ing blumbang Gibéon. Abnèr lan balané ana ing sabrang kéné, déné Yoab lan balané ana ing sabrang kana.

14Abnèr banjur nantang marang Yoab, "Ayo, bala kita karebèn padha perang tandhing!" "Iya becik," wangsulané Yoab.

15Banjur ana wong rolas maju saka taler Bènyamin sing makili Isybosèt, lan iya rolas saka prejurité Dawud.

16Padha jambak-jambakan rambut, banjur padha suduk-sudukan lambungé, nganti padha mati sampyuh. Mulané panggonan ing sacedhaké Gibéon mau dijenengaké "Tegal Pedhang."

17Ing dina iku ana peprangan gedhé, déné Abnèr sarta para prejurit Israèl dikalahaké déning prejurité Dawud.

18Anaké Zeruya telu pisan ana ing kono, yakuwi Yoab, Abisai lan Asaèl. Playuné Asaèl banteré kaya playuné kidang,

19mulané Abnèr dioyak, tanpa nyimpang ngiwa utawa nengen.

20Abnèr nolèh memburi sarta takon, "Apa kowé Asaèl?" "Iya," wangsulané.

21"Aja ngoyak aku!" pangucapé Abnèr, "Oyaken prejurit kuwi salah siji lan gamané jupuken!" Nanging Asaèl terus ngoyak.

22Abnèr kandha sepisan menèh, "Aja ngoyak aku! Kepeksané mengko kowé dakpatèni. Banjur kepriyé enggonmu bisa nyawang Yoab, kakangmu?"

23Bareng Asaèl tetep ora gelem lèrèn, Abnèr banjur njojoh wetengé Asaèl nganti tumbaké butul ing gegeré. Asaèl ambruk lan mati ing papan kono. Kabèh wong sing padha tekan papan panggonané Asaèl nggléthak, padha mandheg.

24Nanging Yoab lan Abisai nerusaké enggoné ngoyak Abnèr. Nalika srengéngé angslup, padha tekan ing punthuk Ama, ing sawétané Giyah, ngadhepaké ara-ara samun Gibéon.

25Ing kono wong-wong saka taler Bènyamin dadi siji menèh karo Abnèr, banjur padha ngatur barisan ana ing punthuk.

26Saka kono Abnèr mbengoki Yoab, "Apa kita selawasé mung arep perang? Apa kowé ora ngerti, yèn perang kuwi mung nekakaké kasangsaran? Aku iki sedulurmu tunggal negara. Pira lawasé enggonmu arep ngentèni, lan kapan enggonmu arep mréntahaké prejuritmu supaya lèrèn enggoné ngoyak aku?"

27Yoab mangsuli, "Atas asmané Allah kang gesang, upamané kowé ora kandha ngono, prejuritku bakal terus ngoyak kowé nganti sésuk-ésuk."

28Yoab banjur ngunèkaké slomprèté kanggo tandha supaya prejurité padha lèrèn enggoné ngoyak wong Israèl, dadi ora nerusaké enggoné perang.

29Abnèr lan para prejurité sewengi muput padha baris ngliwati tanah ngaré Yardèn, banjur nyabrang Kali Yardèn, lan sawisé mlaku terus sedina muput, padha tekan ing Mahanaim.

30Sawisé Yoab lèrèn enggoné ngoyak Abnèr, Yoab ngumpulaké prejurité. Jebul ana wong sangalas sing ilang, kejaba Asaèl.

31Prejurité Dawud wis matèni prejurité Abnèr 360, saka taler Bènyamin.

32Sawisé kuwi Yoab lan prejurité padha ngangkat jisimé Asaèl lan dikubur ana ing kuburané kulawargané ing Bètléhèm. Banjur padha mlaku sewengi muput sarta tekan ing Hébron ing wayah parak ésuk.



 <<  2 Samuel 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel