Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 4 >> 

1(4:1-4) Turuné Saul liyané, yakuwi Méfibosèt, putrané Yonatan. Méfibosèt kuwi pincang wiwit nalika umuré limang taun, yakuwi nalika Saul lan Yonatan nemoni tiwas. Critané, nalika ana kabar saka kutha Yésreèl bab tiwasé Saul lan Yonatan, emban sing nggéndhong Méfibosèt banjur mlayu; nanging merga kesusu, bocah mau tiba, nganti dadi lan pincangé. Bareng Raja Isybosèt, putrané Saul, mireng yèn Abnèr wis dipatèni ing Hébron, ilang semangaté. Kabèh bangsa Israèl dadi giris. Isybosèt kagungan perwira loro sing dadi penggedhéné prejurit, jenengé Baana, sijiné Rékhab. Perwira loro mau anaké Rimon, saka Beérot klebu taler Bènyamin. (Beérot kuwi klebu wilayahé Bènyamin. Déné sing manggon wiwitan wis padha lolos menyang Gitaim sarta manggon ing kana.)

2(4:1)

3(4:1)

4(4:1)

5Perwira loro, Rékhab lan Baana mau mangkat menyang kedhatoné Isybosèt lan tekan ing kana wayahé tengangé; nalika semono Isybosèt lagi saréan.

6Wong wadon sing gawéné tunggu omah, nalika lagi ngresiki gandum, ngantuk banjur keturon. Mulané Rékhab lan Baana bisa nlusup mlebu.

7Banjur terus mlebu ing kamar saré, panggonané Isybosèt sing lagi saré kepati, nuli nyuduk Isybosèt nganti séda. Wong-wong mau padha nugel janggané lan sirahé, digawa lunga. Olèhé padha mlaku ngliwati tanah ngaré Yardèn sewengi muput.

8Wong-wong mau banjur masrahaké sirahé Isybosèt marang Dawud ing Hébron, karo matur, "Menika sirahipun Isybosèt, putranipun Saul, mengsah panjenengan ingkang badhé nyédani panjenengan. Ing dinten menika Gusti Allah sampun malesaken panjenengan bab tumindakipun Saul saha turunipun."

9Nanging Dawud mangsuli, "Gusti Allah kang gesang, sing wis nguwalaké aku saka sakèhing bebaya, mirsa yèn apa sing bakal dakkandhakaké iki bener.

10Nalika ana ing Ziklag ana wong sing ngabari aku bab tiwasé Saul, dhèwèké ngira yèn nggawa kabar sing becik. Nanging aku malah nyekel wong mau lan dakpatèni. Yakuwi ganjaran sing dakwènèhaké marang wong mau, minangka ijolé kabar sing digawa.

11Mesthiné luwih abot menèh ukuman sing bakal dakpatrapaké tumrap wong ala sing wis padha matèni wong sing ora salah, sing lagi turu ing omahé dhéwé! Saiki aku males ukum marang kowé enggonmu padha matèni mau, sarta nyirnakaké kowé kabèh saka bumi iki!"

12Sawisé kuwi Dawud dhawuh marang prejurité, supaya nyirnakaké Rékhab lan Baana. Sawisé dipatèni, tangan lan sikilé dikethok lan digantung ing sacedhaké blumbang ing Hébron. Nanging sirahé Isybosèt dijupuk lan dikubur ing kutha kono ana ing kuburané Abnèr.



 <<  2 Samuel 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel