Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 5 >> 

1Sawisé kuwi para penggedhéné bangsa Israèl sowan ing ngarsané Dawud ing Hébron lan padha matur, "Kula menika sanak panjenengan.

2Wiwit kala rumiyin, malah wiwit nalika Saul taksih mréntah kula sedaya, panjenengan ingkang ngirid prejurit Israèl dhateng peprangan. Kaliyan malih Gusti Allah sampun janji dhateng panjenengan, bilih panjenengan ingkang badhé mimpin umatipun saha badhé dados rajanipun bangsa Israèl."

3Dawud gawé prejanjian karo para penggedhéné bangsa Israèl sing padha nyowani mau, sarta wong-wong mau padha ngangkat Dawud dadi rajané bangsa Israèl.

4Nalika dadi raja yuswané Dawud telung puluh taun lan enggoné mréntah negara lawasé patang puluh taun.

5Ana ing Hébron Dawud mréntah Yéhuda pitu setengah taun lawasé, lan ing Yérusalèm mréntah bangsa Israèl lan Yéhuda sajroné telung puluh telu taun.

6Ing sawijining dina Raja Dawud lan para prejurité maju perang menyang Yérusalèm. Wong Yébus, penduduk ing kutha kono, ngira yèn Dawud ora bakal bisa ngalahaké Yérusalèm. Mulané padha kandha, "Kowé ora bakal bisa mlebu ing kéné; wong-wong wuta lan wong-wong pincang waé saguh ngalang-alangi kowé."

7(5:7-8) Dawud ngandika karo para prejurité, "Wong-wong ing kéné apa ana sing gethingé karo wong Yébus kaya déné aku? Apa iya gething temenan nganti tegel matèni wong-wong kuwi? Yèn mengkono, mlebua ngliwati trowongan banyu sarta gempuren wong-wong pincang lan wong wuta sing dakgethingi kuwi." (Mulané ana unèn-unèn mengkéné: "Wong wuta lan wong pincang ora kena mlebu ing Pedalemané Allah.")

8(5:7)

9Raja Dawud bisa ngrebut bètèng Sion lan didalemi. Mulané Sion dijenengaké "Kuthané Dawud". Kutha mau dibangun ing sakubengé bètèng, wiwit saka ing sisih Wétan punthuk sing diurug nganggo lemah.

10Raja Dawud saya suwé saya kuwat, sebab Pangéran, Allahé sarwa tumitah nunggil karo panjenengané.

11Raja Hiram saka negara Tirus ngirim utusan dagang sowan Raja Dawud. Hiram ngirimaké kayu cemara saka Libanon karo tukang-tukang kayu lan tukang-tukang batu prelu mbangun kratoné Dawud.

12Dawud banjur rumangsa, yèn wis ditetepaké déning Gusti Allah dadi rajané bangsa Israèl, lan diluhuraké pepréntahané merga Israèl iku umat kagungané.

13Sawisé Dawud jengkar saka Hébron menyang Yérusalèm, banjur kagungan garwa lan selir menèh, sarta peputra kakung lan putri.

14Putra-putrané sing lair ana ing Yérusalèm yakuwi: Syamua, Sobab, Natan, Suléman,

15Yibhar, Èlisua, Nèfèg, Yafia,

16Élisama, Èlyada lan Èlifèlèt.

17Bareng wong-wong Filistin padha krungu, yèn Dawud wis jumeneng raja Israèl, banjur padha nyerang arep nyekel Raja Dawud. Bareng Raja Dawud pirsa, banjur tindak mlebet ing bètèng.

18Wong-wong Filistin satekané tanah ngaré Réfaim nuli padha mandhah ana ing kono.

19Raja Dawud munjuk marang Allah, "Menapa kawula kedah nglurugi tiyang Filistin menika? Menapa Gusti badhé maringi kaunggulan dhateng kawula?" "Lurugana!" pangandikané Gusti Allah, "Aku bakal maringi kaunggulan marang kowé!"

20Dawud banjur tindak menyang Baal Perasim lan ing kana prejurit Filistin dikalahaké. Banjur ngucap, "Gusti Allah wis njebol bètènging mungsuhku, kaya banjir sing ndhadhalaké apa waé." Mulané panggonan mau diarani Baal Perasim.

21Prejurit Filistin padha keplayu nganti ora kober nggawa recané brahala. Reca-reca mau padha dijupuki déning Dawud lan para prejurité.

22Ora let suwé wong-wong Filistin padha teka sarta ngejègi menèh tanah ngaré Réfaim.

23Sepisan menèh Dawud nyuwun pitedah marang Gusti Allah. Pangandikané Gusti Allah, "Aja nglurug saka kéné, nanging mlakua mubeng lan lurugana saka mburi, sacedhaké wit-witan murbei.

24Yèn keprungu swarané wong baris ing sandhuwuring wit-witan, padha majua, sebab Aku bakal mlaku ing sangarepmu prelu ngalahaké prejurit Filistin."

25Dawud nindakaké apa sing didhawuhaké déning Gusti Allah, lan bisa ngalahaké wong Filistin saka Géba tekan Gèzèr.



 <<  2 Samuel 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel