Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 8 >> 

1Sawisé sawetara mangsa, Raja Dawud nglurug perang nggepuk wong Filistin menèh. Wong-wong Filistin dikalahaké lan tanahé direbut.

2Raja Dawud uga ngalahaké wong Moab. Wong-wong mau didhawuhi turon ing lemah, banjur dipatèni, saben wong telu, sing dipatèni loro. Wong Moab padha didadèkaké baturé Dawud lan kudu mbayar pajeg.

3Sebanjuré Raja Dawud ngalahaké Hadadèzèr, anaké Réhob, sing mréntah ing Zoba, tanah krajan cedhak Damsyik. Ing wektu semono Hadadèzèr lagi nglurug perang arep mulihaké pangwasané ing wilayah sacedhaké sumberé Bengawan Éfrat.

4Wadyabalané Hadadèzèr sing ditawan Raja Dawud yakuwi: prejurit jaranan 1.700, lan prejurit dharatan 20.000. Dawud nisihaké jaran sing cukup kanggo kréta satus, déné liyané sikilé digawé cacad.

5Nalika wong Siria saka Damsyik ngirimaké wadyabala kanggo nulungi Raja Hadadèzèr, wadyabala mau iya kalah, lan sing mati 22.000.

6Dawud banjur ngedegaké kémah-kémah wadyabala ing sajroning wilayahé, déné wong-wong mau didadèkaké rakyaté sarta didhawuhi mbayar pajeg. Gusti Allah maringi kaunggulan marang Dawud ing ngendi waé enggoné perang.

7Tamèng emas sing dienggo déning wadyabalané Hadadèzèr dirampas lan digawa menyang Yérusalèm.

8Kejaba kuwi Dawud uga ngrampas tembaga saka Betah lan Berotai, yakuwi kutha-kutha sing mauné dikwasani déning Hadadèzèr.

9Raja Tou saka Hamat krungu yèn Raja Dawud wis ngalahaké wadyabalané Hadadèzèr kabèh.

10Tou banjur utusan Yoram, putrané, prelu ngaturaké salam marang Raja Dawud sarta rasa bungahing atiné, merga enggoné olèh kaunggulan mau, sebab wis suwé enggoné Tou memungsuhan karo Hadadèzèr. Yoram iya ngaturaké pisungsung rupa emas, slaka lan tembaga.

11(8:11-12) Pisungsung mau lan sapérangané barang rampasan saka Hadadèzèr, dipisungsungaké déning Raja Dawud marang Allah kanggo kapreluan pangibadah. Bareng karo pisungsung mau Dawud iya nyaosaké barang-barang rupa slaka lan emas rampasan saka bangsa-bangsa sing wis ditelukaké, yaiku bangsa-bangsa: Édom, Moab, Amon, Filistia lan Amalèk.

12(8:11)

13Raja Dawud asmané saya kondhang, awit wis mejahi wong Édom ing tanah ngaré Uyah, cacahé wolulas èwu.

14Panjenengané ngedegaké kémah tawanan wadyabala ing sawilayah Édom kabèh; déné wong-wong Édom padha dadi baturé. Gusti Allah maringi kaunggulan marang Raja Dawud sajroné peprangan ing ngendi waé.

15Mengkono mau enggoné Raja Dawud mréntah tanah Israèl kabèh sarta ngreksa supaya rakyaté tansah krasa dierèh kanthi adil lan becik.

16(8:16-17) Yaiki para penggedhé sing diangkat déning Raja Dawud: Sing dadi sénapatining perang: Yoab, anaké Zeruya. Sing dadi sèkretarising kraton: Yosafat, anaké Ahilud. Sing dadi imam agung: Zadok, anaké Ahitub lan Akhimèlèkh, anaké Abyatar. Sing dadi sèkretaris negara: Seraya.

17(8:16)

18Sing dadi pengawal raja: Benaya, anaké Yoyada. Sing dadi imam ing sajroné kraton: putra-putrané Dawud piyambak.



 <<  2 Samuel 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel