Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 1 >> 

1Kecrita Suléman putrané Raja Dawud wis sentosa enggoné madeg dadi raja, merga saka berkahé Pangéran Allahé, nganti pangwasané Suléman gedhé banget.

2Para komandhané pasukan-sèwu lan pasukan-satus kabèh, para punggawa negara, para lajeré kulawarga lan rakyat Israèl kabèh didhawuhi déning Suléman

3ndhèrèkaké tindaké menyang papan pangibadah ing Gibéon. Banjur padha budhal mrana, merga Kémahé Pangéran, sing diyasa déning Musa, abdiné Allah, nalika ana ing ara-ara samun, dumunung ana ing kono.

4(Nanging Pethining Prejanjiané Allah isih ana ing Yérusalèm, ing Kémah Palenggahané Allah sing diyasa déning Raja Dawud, yakuwi nalika Pethi mau dipindhah saka Kiryat-Yéarim.)

5Mesbèh prunggu sing digawé déning Bézaleèl bin Uri, putuné Hur, iya ana ing Gibéon, ing ngarepé Kémahé Pangéran. Ana ing kono Raja Suléman lan rakyat kabèh padha ngabekti marang Allah.

6Ana ing mesbèh prunggu sing ana ing ngarepé Kémah mau, Raja Suléman saos kurban obongan konjuk marang Pangéran rupa kéwan cacahé sèwu.

7Benginé Gusti Allah ngetingal marang Suléman sajroning supena, ngandikané, "Kowé kepéngin Dakparingi apa?"

8Aturé Suléman, "Dhuh Pangéran, Paduka sampun nresnani sanget dhateng bapak kawula, Dawud, lan samenika Paduka sampun ngangkat kawula dados raja, nggentosi bapak kawula.

9Dhuh Allah, mugi samenika kersa ngleksanani janji Paduka dhateng bapak kawula. Paduka sampun ngangkat kawula dados raja, mengku bangsa ingkang semanten agengipun.

10Pramila kawula mugi Paduka paringi kawicaksanan lan pangertosan supados saged ngerèh bangsa menika. Menawi mboten mekaten, kados pundi enggèn kawula badhé saged ngerèh umat Paduka ingkang ageng menika?"

11Dhawuhé Allah marang Suléman, "Panyuwunmu kuwi becik. Kowé ora nyuwun kasugihan, kaluhuran utawa patining mungsuhmu apa déné umur dawa kanggo kowé dhéwé, nanging kawicaksanan lan pangertèn kanggo mréntah umat-Ku,

12mulané kowé iya bakal Daktambahi kasugihan, raja-brana lan kaluhuran ngungkuli raja ing endi waé, sadurungé kowé lan sapungkurmu."

13Sawisé mengker saka papan pangibadah, yakuwi Kémahé Pangéran ing Gibéon, Suléman nuli kondur menyang Yérusalèm.

14Suléman nggenepi angkatan perangé, nganti krétané perang cacahé sèwu patang atus lan jaran sing kanggo perang rolas èwu. Sapérangan didokok ing Yérusalèm, liyané dipapanaké sumebar ing kutha-kutha liya.

15Ing jamané Suléman dadi raja, slaka mung dianggep barang lumrah ing Yérusalèm, ora béda karo watu. Semono uga kayu cemara Libanon mbludag ora béda karo kayu lumrah.

16Jaran ditekakaké saka tanah Mesir lan tanah Kéwé lantaran para agèn;

17kréta perang sing ditekakaké saka tanah Mesir banjur didol menèh marang raja-raja Hèt lan raja-raja Siria. Jaran siji payu satus sèket lan kréta perang siji payu nem atus dhuwit slaka.



 <<  2 Tawarikh 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel