Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 11 >> 

1Bareng rawuh ing Yérusalèm Raja Réhabéam banjur nglumpukaké prejurit pilihan 180.000 saka klompok Bènyamin lan klompok Yéhuda dienggo nglurug perang nyerang wong Israèl lan mbalèkaké pangwasané marang taler-taler Israèl sisih Lor.

2Nanging Gusti Allah utusan Nabi Semaya

3didhawuhi matur mengkéné marang Raja Réhabéam lan taler Yéhuda sarta taler Bènyamin,

4"Aja padha merangi sedulur-sedulurmu wong Israèl. Padha muliha kabèh. Apa sing kelakon kuwi wis dadi kersa-Ku." Wong kabèh banjur padha manut dhawuhé Pangéran lan wurung enggoné arep nyerang Yérobéam.

5Réhabéam dedalem ing Yérusalèm lan dhawuh yasa bètèng-bètèng ing kutha-kutha sing ana ing wilayah Yéhuda lan Bènyamin,

6yakuwi kutha Bètléhèm, Étam, Tekoa,

7Bètzur, Sokho, Adulam,

8Gat, Marésya, Zif,

9Adoraim, Lakis, Azéka,

10Zora, Ayalon lan Hébron.

11Kutha-kutha mau disentosani sarta ngangkat komandhan pasukan kanggo saben kutha mau. Saben kutha digawèkaké gudhang kanggo nyimpen pangan, lenga zaitun lan anggur,

12tamèng lan tumbak. Srana mengkono wilayah Yéhuda lan Bènyamin tetep dadi wewengkoné Réhabéam.

13Para imam lan wong Lèwi satanah Israèl kabèh padha teka sumuyud marang Réhabéam.

14Wong Lèwi padha ninggal panggonan lan palemahané sarta ngalih menyang Yéhuda lan Yérusalèm, merga ora diparengaké dadi imamé Pangéran déning Yérobéam, rajané Israèl lan déning para sing ngganti panjenengané.

15Yérobéam wis ngangkat dhéwé imam-imam sing ngladèni ing papan panyembahané brahala. Yérobéam nyembah brahala lan para dhemit sarta reca sapi sing digawé dhéwé.

16Wong-wong taler Israèl sing arep padha nyembah marang Pangéran, Allahé Israèl, padha lunga menyang Yérusalèm, ngetutaké wong-wong Lèwi, supaya bisa saos kurban marang Pangéran, Allahé para leluhuré.

17Srana mengkono kraton Yéhuda dadi saya sentosa. Telung taun lawasé wong-wong mau padha mbiyantu pepréntahané Raja Réhabéam, putrané Suléman, lan padha urip bebrayan kaya dhèk jamané Dawud lan Suléman dadi raja.

18Réhabéam krama karo Mahalat; Mahalat kuwi putrané putri Yérimot, putrané Raja Dawud; déné ibuné Abihail binti Éliab, putuné Isai.

19Putrané kakung telu, yakuwi: Yéus, Semarya lan Zaham.

20Réhabéam banjur nggarwa Maaka anaké Absalom. Karo Maaka duwé anak lanang papat: Abia, Atai, Ziza lan Sélomit.

21Garwané Réhabéam wolulas lan seliré wolung puluh; putrané kakung wolulikur, putrané putri wolung puluh. Saka antarané garwa lan seliré, sing dikasihi dhéwé Maaka.

22Mulané Abia, anaké Maaka dikasihi dhéwé ing antarané para putrané kabèh, lan kuwi sing dipilih nggentèni dadi raja.

23Réhabéam enggoné ngedum tugas marang putra-putrané klawan wicaksana lan padha disebar manggon ing kutha-kutha sing ana bètèngé ing wilayah Yéhuda lan Bènyamin. Padha dicawisi pangan turah-turah, mengkono uga selir pirang-pirang.



 <<  2 Tawarikh 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel