Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 14 >> 

1Sawisé Raja Abia séda lan disarèkaké ing pesaréané para raja ing kuthané Dawud, Asa putrané, ngganti dadi raja. Selawasé Asa dadi raja, tanah Israèl ngalami katentreman, lawasé sepuluh taun.

2Asa gawé renaning penggalihé Allah, merga tumindak adil lan becik.

3Mesbèh-mesbèh bangsa manca disingkiraké, mengkono uga papan-papan kanggo nyembah brahala. Punthuk-punthuk sing kanggo nyembah déwa-déwa digempur, cagak-cagaké recané Dèwi Asyéra dirubuhaké.

4Rakyat Yéhuda didhawuhi nglakoni prenatané Pangéran, Allahé leluhuré, sarta nglakoni piwulang-piwulang lan dhawuh-dhawuhé.

5Papan-papan panyembahané brahala lan panggonan-panggonan sing kanggo ngobong menyan, kabèh disingkiraké saka kutha-kutha Yéhuda. Mula sasuwéné dierèh déning Sang Prabu Asa, satanah kono kabèh ngalami katentreman,

6nganti panjenengané bisa yasa bètèng-bètèng ing kutha-kuthané Yéhuda kabèh. Sawetara taun lawasé ora ana perang, merga Pangéran paring katentreman.

7Pangandikané Asa marang rakyat Yéhuda mengkéné, "Beciké kita padha nyentosakaké kutha-kutha srana ngedegaké témbok ngubengi kutha, nganggo menara-menara lan régol ing gapura sing kena dikancing nganggo slorogan. Kita bisa ngwasani tanah kéné merga kita mbangun-turut marang Pangéran, Allah kita. Panjenengané sing ngayomi kita lan ngreksa katentreman ing tanah kéné kabèh." Mulané rakyat banjur miwiti mbangun nganti rampung klawan becik.

8Tentarané Raja Asa saka taler Yéhuda ana 300.000, siap nggawa tamèng lan tumbak, sing saka taler Bènyamin 280.000, gamané tamèng, gendhéwa lan panah. Prejurit-prejurit mau kendel-kendel lan trampil olèh gegaman.

9Kecrita Zérah, wong Sudan nglurug nyerang Yéhuda nggawa pasukan cacahé sayuta lan kréta perang telung atus. Enggoné nyerbu tekan Marésya.

10Asa banjur metoni perang, ngadhepi Zérah. Loro-loroné padha nata barisané ing Lebak Zefata, sacedhaké Marésya.

11Asa banjur ndedonga marang Pangéran, Allahé, "Dhuh Pangéran, namung Paduka ingkang saged paring pitulungan dhateng tiyang sèkèng ingkang nglawan tiyang rosa. Mugi samenika kersa mitulungi dhateng kawula, dhuh Pangéran, Allah kawula! Kawula namung pitados dhateng Paduka lan atas Asma Paduka kawula sami majeng perang nglawan pasukan ingkang ageng sanget menika. Dhuh Pangéran, Paduka menika Allah kawula. Sampun ngantos marengaken manungsa ngawonaken Paduka."

12Asa lan tentara Yéhuda banjur nyerang tentara Sudan. Pangéran nuli nyerang tentara Sudan, nganti padha keplayu.

13Asa lan balané nuli ngoyak tentara Sudan mau nganti tekan Gérar. Tentara Sudan sing tiwas akèh banget, nganti ora bisa nglawan, merga ditumpes déning Pangéran lantaran tentara Yéhuda. Barangé akèh sing dirampas déning tentara Yéhuda.

14Semono uga kutha-kuthané ing wilayah sakiwa-tengené Gérar, kabèh digempur, merga penduduké digawé wedi déning Pangéran. Kutha-kutha mau kabèh dijarah-rayah déning tentara Yéhuda, nganti barang rampasané akèh banget.

15Uga kémah-kémahé wong-wong sing ngingu raja-kaya diserang, lan raja-kaya rupa wedhus gèmbèl lan unta sing dirampas akèh banget. Sawisé mengkono banjur padha mulih menyang Yérusalèm.



 <<  2 Tawarikh 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel