Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 18 >> 

1Nalika Yosafat, raja Yéhuda, wis dadi sugih lan misuwur, panjenengané nuli njodhokaké putrané karo salah sawijining seduluré Akhab, raja Israèl.

2Let sawetara taun Raja Yosafat mertamu ing dalemé Raja Akhab ing kutha Samaria. Kanggo ngurmati Raja Yosafat lan pendhèrèk-pendhèrèké, Akhab nganakaké pésta gedhèn, nyembelèh wedhus gèmbèl lan sapi akèh. Ana ing pésta kono Raja Akhab ngajak Raja Yosafat nglurugi perang kutha Ramot ing tanah Giléad,

3pangandikané, "Menapa panjenengan kersa sareng kaliyan kula nyerang kitha Ramot?" Wangsulané Raja Yosafat, "Prayogi, kita nglurug sesarengan. Tentara kula kadadosaken setunggal kaliyan tentara panjenengan.

4Nanging prayoginipun kita nyuwun pirsa dhateng Pangéran."

5Raja Akhab banjur nglumpukaké nabi 400 sarta didangu mengkéné, "Aku olèh nyerbu kutha Ramot apa ora?" Wangsulané para nabi mau, "Angsal! Allah badhé paring kemenangan dhateng panjenengan."

6Nanging Raja Yosafat nyuwun pirsa menèh, "Menapa ing ngriki wonten nabi sanèsipun ingkang saged dados lantaran kita nyuwun pirsa dhateng Pangéran?"

7Wangsulané Raja Akhab, "Wonten, Mikha bin Yimla. Nanging kula mboten remen kaliyan piyambakipun, mergi mboten naté meca ingkang saé tumrap kula; selaminipun pamecanipun awon." Wangsulané Raja Yosafat, "Ah, sampun ngandika mekaten!"

8Akhab nuli nimbali sawijining pegawé kedhaton didhawuhi énggal-énggal methuk Mikha.

9Nalika semono Raja Akhab lan Raja Yosafat padha ngagem ageman resmi lan pinarak ing kursi dhéwé-dhéwé ing panggonan penggilingan gandum, cedhak gapura Samaria. Para nabi kabèh padha sowan arep ngaturaké bab pamecané.

10Ana nabi jenengé Zedekia bin Kenaanah, gawé rerékan sungu saka wesi lan matur marang Raja Akhab mengkéné, "Mekaten dhawuhipun Pangéran, ‘Srana sungu-sungu kados mekaten menika Panjenengan badhé merangi lan numpes Siria.’"

11Nabi-nabi liyané kabèh padha setuju lan matur, "Ramot panjenengan serang kémawon, panjenengan mesthi badhé unggul. Pangéran badhé paring kemenangan dhateng panjenengan."

12Kecrita utusan sing didhawuhi methuk, matur marang Mikha mengkéné, "Nabi sanès-sanèsipun sedaya sampun meca kemenanganipun Sang Prabu. Pramila prayoginipun panjenengan inggih meca ingkang saé kados nabi-nabi wau."

13Nanging Mikha mangsuli, "Atas asmané Pangéran kang gesang, kula namung badhé ngaturaken menapa ingkang dipun ngandikakaken déning Allah dhateng kula!"

14Bareng Mikha wis ngadhep ing ngarsané Sang Prabu banjur didangu, "Menapa kula lan Raja Yosafat kepareng nyerang kitha Ramot menapa mboten?" Atur wangsulané Mikha, "Mangga kula aturi nyerang kémawon. Panjenengan mesthi badhé angsal damel. Pangéran badhé paring kemenangan dhateng panjenengan."

15Pangandikané Raja Akhab, "Menawi panjenengan ngandika atas asmanipun Allah, kula aturi ngandika ing saleresipun. Sampun kaping pinten panjenengan kula émutaken bab prekawis menika?"

16Atur wangsulané Mikha, "Kula sumerep tentara Israèl pating slebar ing redi-redi, kados ménda tanpa pangèn. Lan Pangéran ngandika mekaten, ‘Wong-wong kuwi padha ora ana sing mimpin. Karebèn padha mulih kanthi slamet.’"

17Pangandikané Raja Akhab marang Raja Yosafat, "Rak leres ta atur kula? Piyambakipun mboten naté meca ingkang saé kanggé kula! Mesthi awon terus."

18Aturé Mikha menèh, "Samenika kula aturi midhangetaken pangandikanipun Pangéran! Kula sumerep Pangéran pinarak ing dhamparipun, ing swarga, lan sedaya malaékat sami ngadeg ing sacelakipun.

19Pangéran ndangu, ‘Sapa sing bisa mbujuk Akhab supaya nglurug perang lan tiwas ing Ramot, tanah Giléad?’ Wangsulanipun para malaékat béda-béda.

20Wusana wonten roh setunggal ingkang nyelaki Pangéran sarta matur, ‘Kula kémawon ingkang mbujuk piyambakipun!’ Pendangunipun Pangéran, ‘Kepriyé carané?’

21Atur wangsulanipun roh wau, ‘Kula badhé damel para nabinipun Akhab sedaya goroh.’ Pangandikanipun Pangéran, ‘Ya becik, wis lakonana, kowé bakal olèh gawé.’"

22Mikha nerusaké aturé, "Lah menika ingkang sampun kelampahan! Pangéran sampun damel para nabi panjenengan sami goroh dhateng panjenengan, mergi Pangéran sampun netepaken badhé ndhatengaken paukuman dhateng panjenengan!"

23Nabi Zedekia nuli maju nyedhaki Nabi Mikha, banjur napuk Mikha karo muni, "Mokal yèn Rohé Pangéran metu saka aku lan ngandika marang kowé."

24Wangsulané Mikha, "Kowé bakal weruh buktiné samasa kowé golèk panggonan arep kokenggo ndhelik!"

25Dhawuhé Raja Akhab, "Mikha cekelen lan gawanen ngadhep walikota lan marang pangéran Yoas.

26Konen nglebokaké ing kunjara lan konen mènèhi mangan sethithik waé nganti aku bali kanthi slamet."

27Aturé Mikha, "Menawi Sang Prabu kondur kanthi wilujeng, ateges Pangéran mboten ngandika lantaran kula. Sedaya ingkang wonten ing ngriki sami neksènana."

28Akhab, raja Israèl lan Yosafat raja Yéhuda banjur padha nyerang kutha Ramot ing tanah Giléad.

29Raja Akhab ngandika karo Raja Yosafat mengkéné, "Kula badhé nylamur lan tumut majeng perang, nanging panjenengan kula aturi ngagem ageman keprabon." Dadiné Akhab raja Israèl nylamur lan mèlu maju perang.

30Nalika semono panglimané pasukan kréta perang Siria wis didhawuhi déning rajané, supaya aja nyerang sapa-sapa, ngemungna raja Israèl waé.

31Dadi, nalika weruh Raja Yosafat, kabèh padha ngira yèn kuwi raja Israèl. Mulané banjur padha diserbu. Nanging Raja Yosafat ndedonga marang Pangéran. Pangéran banjur paring pitulungan lan ngingeraké peprangan mau marang arah liyané.

32Para panglima pasukan kréta perang Siria padha ngerti yèn kuwi dudu raja Israèl, mulané banjur minger saka kono.

33Nanging tanpa dijarag ana prejurit Siria sing nglepasaké panah. Panah mau ngenani Raja Akhab ing sela-selané agemané perang. Raja Akhab mbengoki kusir sing nglakokaké krétané, "Aku kena panah. Minggira! Aku gawanen metu ing sanjabané barisan!"

34Perangé sangsaya ramé. Raja Akhab tetep jumeneng ing krétané ngadhepi wong Siria. Bareng srengéngéné surup panjenengané séda.



 <<  2 Tawarikh 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel