Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 20 >> 

1Kecrita sawisé mengkono tentara Moab lan Amon padha sekuthon karo tentara Méunim nglurug nyerang Yéhuda.

2Nuli ana wong ngaturi pawarta marang Raja Yosafat, aturé, "Wonten tentara kathah sanget dhateng saking Édom, saking sabranging Segara Mati! Sami badhé nyerang mriki, malah sampun ngrebat kitha Hazézon-Tamar inggih menika Èn-Gedi."

3Raja Yosafat ajrih, banjur ndedonga nyuwun pitedah marang Pangéran. Sawisé mengkono banjur dhawuh supaya rakyat kabèh padha pasa.

4Wong saka saben kutha ing Yéhuda padha teka ing Yérusalèm nyuwun tulung marang Pangéran.

5Bebarengan karo para penduduk Yérusalèm wong-wong mau padha nglumpuk ing plataran anyar ing Pedalemané Allah. Raja Yosafat jumeneng ana ing ngarep dhéwé,

6sarta ndedonga sora, "Dhuh Pangéran, Allahipun leluhur kawula! Paduka menika Allah ing swarga ingkang ngerèh sedaya bangsa ing bumi. Paduka menika mahakwasa lan kagungan kasektèn; mboten wonten tiyang ingkang keconggah nglawan dhateng Paduka.

7Paduka menika Allah kawula. Nalika umat Paduka, bangsa Israèl dumugi ing negari menika, Paduka nundhungi tiyang-tiyang ingkang nalika semanten manggèn ing ngriki. Paduka lajeng maringaken tanah menika dhateng anak-turunipun Abraham, mitra Paduka, dados tanah pusaka ing selami-laminipun.

8Lajeng sami manggèn ing ngriki sarta ngedegaken Dalem Pamujan menika kagem Paduka. Umat Paduka mangertos,

9bilih sami ketaman paukuman mergi saking dosa-dosanipun, lan malih kedhatengan mengsah, pageblug, utawi paceklik. Umat wau sami kepareng dhateng mriki, séba ing Pedaleman Paduka menika. Ing mangsa kasisahan sami kepareng ndedonga dhateng Paduka, lan Paduka badhé miyarsakaken sarta paring pitulungan.

10Samangké bangsa Amon, Moab sarta Édom nyerang kawula. Nalika para leluhur kawula sami dhateng saking tanah Mesir, Paduka mboten marengaken para leluhur mlebet ing negarinipun bangsa-bangsa menika, ngantos kepeksa sami mlampah ngalang, lan mboten sami nggecak bangsa-bangsa Amon, Moab lan Édom menika.

11Samenika, kados mekaten tindakipun bangsa-bangsa menika dhateng kawula. Sami badhé nundhung kawula saking negari peparing Paduka menika.

12Paduka menika Allah kawula! Bangsa-bangsa menika mugi Paduka dhawahi paukuman, mergi kawula mboten kiyat nglawan tentara ingkang semanten kathahipun; pramila kawula sami sowan nyuwun pitulungan dhateng Paduka."

13Nalika semono wong Yéhuda kabèh lanang-wadon saanak-anaké padha nglumpuk ana ing Pedalemané Allah.

14Ing satengahé wong akèh mau ana wong Lèwi, jenengé Yahazièl. Kuwi anaké Zakharia saka kaum Asaf, turuné Benaya, Yeièl, Matania. Yahazièl mau katedhakan Rohé Pangéran

15banjur ngucap mengkéné, "Sang Prabu ingkang minulya saha para sedhèrèk sedaya. Pangéran dhawuh bilih panjenengan sedaya mboten kénging semplah utawi ajrih ngadhepi tentara kathah menika. Ingkang badhé perang menika sanès panjenengan, nanging Allah piyambak.

16Mbénjing-énjing menawi mengsah menika majeng, medal mergi minggah ing Zis, menika panjenengan serang. Panjenengan badhé aben-ajeng kaliyan mengsah wau wonten ing pungkasaning lebak, sangajenging ara-ara samun celak Yeruèl.

17Panjenengan mboten prelu tumut perang. Sami kèndela kémawon ing papan tugas ngriku. Panjenengan sami badhé pirsa kadospundi Pangéran enggènipun maringi kemenangan dhateng panjenengan. Para sedhèrèk, rakyat ing Yéhuda lan Yérusalèm, sampun ngantos sami semplah utawi ajrih. Sami methukna mengsah. Pangéran badhé mitulungi panjenengan sedaya."

18Raja Yosafat nuli sujud. Rakyat kabèh iya mèlu sujud marang Pangéran.

19Wong-wong Lèwi saka gotrah Kéhat lan Korah banjur padha ngadeg lan surak-surak memuji marang Pangéran, Allahé Israèl.

20Ésuké umun-umun, rakyat budhal menyang ara-ara samun sacedhaké Tekoa. Sadurungé mangkat Yosafat ngandika mengkéné marang rakyat, "Wong Yéhuda lan Yérusalèm! Padha precayaa marang Pangéran Allahmu, kowé mesthi bakal olèh gawé!"

21Sawisé rembugan karo rakyat, Sang Prabu banjur dhawuh supaya para penyanyi padha nganggo sandhangan seragam kaya sing lumrahé dienggo ing upacara. Para penyanyi mau padha baris ing ngarep dhéwé diiringaké tentara. Enggoné baris rampak karo padha menyanyi, "Pinujia Pangéran! Sihé langgeng ing selawasé!"

22Bareng para penyanyi padha wiwit menyanyi, Pangéran damel kisruh tentarané mungsuh sing lagi nyerbu.

23Tentara Amon lan Moab padha nyerang tentara Édom nganti tiwas kabèh. Sawisé mengkono tentara Amon lan Moab padha serang-serangan dhéwé nganti padha tumpes kabèh.

24Bareng tentara Yéhuda tekan menara penjagan ing ara-ara samun lan ndeleng panggonané mungsuh, padha weruh mayité mungsuh padha pating glimpang ing lemah. Prejurité siji waé ora ana sing urip.

25Raja Yosafat lan balané banjur padha ngrampas barang-barangé mungsuh. Sing ketemu ing kono yakuwi raja-kaya, bekakas, sandhangan lan barang-barang liyané sing akèh ajiné. Enggoné nglumpukaké barang-barang mau lawasé telung dina, éwasemono isih akèh barang liyané sing durung kopèn, nganti barang-barang mau kepeksa ditinggal.

26Ing dina kapaté wong kabèh padha nglumpuk ing Lebak Beraka lan memuji asmané Pangéran ing ngatasé samubarang sing ditindakaké déning astané. Mulané Lebak mau karan Beraka.

27Raja Yosafat banjur ngirid balané kabèh bali menyang Yérusalèm klawan bungah, merga Pangéran wis nelukaké mungsuhé kabèh.

28Satekané ing Yérusalèm banjur padha baris menyang Pedalemané Allah diiring swarané clempung lan slomprèt.

29Negara-negara liyané bareng krungu carané Pangéran enggoné nelukaké mungsuh-mungsuhé Israèl, padha geter.

30Mulané Raja Yosafat bisa nindakaké pepréntahan klawan tentrem, lan Pangéran paring katentreman marang setanah kono kabèh.

31Nalika Yosafat dadi raja Yéhuda yuswané telung puluh lima taun. Lawasé dadi raja ing Yérusalèm selawé taun. Asmané ibuné Azuba binti Silhi.

32Ora béda karo Asa, ramané, Raja Yosafat nindakaké kabecikan ing ngarsané Allah.

33Nanging papan-papan panyembahan brahala ora digempur. Rakyat enggoné ngabekti marang Allahé para leluhuré ora klawan éklasing ati.

34Riwayaté Raja Yosafat liyané saka wiwitan tekan pungkasaning pepréntahané ditulis kabèh déning Yéhu bin Hanani ana ing Kitab Babadé Raja-raja Israèl.

35Yosafat, raja Yéhuda, tau memitran karo Ahazia, raja Israèl sing kalakuané ala.

36Raja-raja mau padha gawé prau ing pelabuhan Ézion-Gèbèr. Prau-prauné lelayaran menyang Tarsis.

37Nanging Nabi Élièzer bin Dodawa saka kutha Marésya ngélikaké marang Raja Yosafat, aturé, "Sarèhné panjenengan memitran kaliyan Ahazia, Pangéran badhé ngremuk baita-baita ingkang panjenengan yasa." Prauné banjur padha kèrem remuk, nganti ora kena dienggo lelayaran menyang Tarsis.



 <<  2 Tawarikh 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel