Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 22 >> 

1Nalika ana grombolan wong Arab nyerbu, putrané Raja Yoram kabèh dipatèni, kejaba Ahazia, putrané sing ragil. Mulané penduduk Yérusalèm banjur ngangkat Ahazia mau dadi raja, nggentèni ramané.

2(22:2-3) Nalika semono yuswané rolikur taun, lawasé dadi raja setaun. Raja Ahazia lakuné ora béda karo kulawargané Raja Akhab, merga Atalia, ibuné, sing ngojok-ojoki Raja Ahazia nindakaké prekara-prekara sing ora becik. Atalia kuwi garwané Raja Akhab, putrané Omri, raja ing Israèl.

3(22:2)

4Raja Ahazia nglakoni dosa marang Pangéran kaya kulawargané Raja Akhab, sebab kulawarga kuwi sing dadi penaséhaté raja Ahazia sawisé ditinggal séda déning ramané. Para penaséhat mau sing gawé cilakané Raja Ahazia.

5Merga saka naséhaté wong-wong mau Raja Ahazia rukunan karo Yoram, raja Israèl, nglurug perang nglawan Hazaèl, raja Siria. Banjur padha nempuh perang ing Ramot, tanah Giléad. Ana ing peprangan mau Raja Yoram ketaton.

6Banjur digawa menyang Yésreèl kanggo nambani tatuné. Raja Ahazia uga banjur tilik mrana.

7Nanging Raja Ahazia enggoné tilik Raja Yoram mau saka kersané Allah murih tiwasé. Nalika semono Raja Yoram lagi padu karo wong lanang, jenengé Yéhu bin Nimsi. Yéhu kuwi wis dipilih déning Pangéran kakersakaké numpes anak-turuné Raja Akhab. Raja Ahazia sing lagi tilik Yoram mèlu-mèlu padu.

8Yéhu uga matèni para pemimpiné Yéhuda lan keponakan-keponakané Raja Ahazia sing mèlu tilik mrono.

9Raja Ahazia dhéwé bisa lolos menyang Samaria. Nanging banjur digolèki lan ketemu ing panggonané ndhelik. Raja Ahazia nuli digawa ngadhep marang Yéhu sarta dipatèni ana ing kono. Layoné dikubur déning Yéhu lan balané, merga Yéhu ngurmati marang Raja Yosafat, éyangé Ahazia, raja sing sumuyud marang Pangéran klawan terusing ati. Kulawargané Raja Ahazia ora ana sing kuwat nggentèni dadi raja.

10Bareng Atalia weruh yèn Ahazia, putrané, séda banjur dhawuh supaya anak-turuné raja Yéhuda kabèh dipatèni.

11Ahazia duwé sedulur wadon, jenengé Yoséba, kawin karo imam, jenengé Yoyada. Yoséba mau klawan sesidheman njupuk anaké Ahazia sing jeneng Yoas saka antarané anak-anaké Ahazia sing arep dipatèni Atalia. Bocah mau karo embané didhelikaké ana ing salah sijiné kamar ing Pedalemané Allah. Mengkono carané Yoséba nylametaké bocah mau nganti ora katut dipatèni déning Atalia.

12Lawasé ana ing pandhelikan mau nganti nem taun. Sajroné nem taun mau Atalia dadi ratu ing Yéhuda.



 <<  2 Tawarikh 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel