Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 27 >> 

1Nalika dadi raja ing Yérusalèm, Yotam yuswané 25 taun. Lawasé dadi raja 16 taun. Asmané ibuné Yérusa binti Zadok.

2Yotam tumindaké dadi renaning penggalihé Pangéran, kaya ramané. Mung waé Yotam ora ngobong menyan ing Pedalemané Allah, kaya sing ditindakaké déning ramané. Éwasemono rakyat tansah gawé dosa.

3Raja Yotam yasa gapura Pedalemané Allah sisih Lor lan nguwati témbok Ofèl ing Yérusalèm.

4Panjenengané yasa kutha-kutha ing pegunungan Yéhuda sarta bètèng-bètèng sarta menara-menara ing alas-alas.

5Raja Yotam nglurugi perang nelukaké Raja Amon sabalané kabèh. Wong Amon dipeksa mbayar pajeg. Telung taun lawasé wong Amon saben taun kudu nyaosaké slaka 3.400 kilogram, gandum 100 ton lan jewawut 1.000 ton. Kuwi kudu padha ditetepi.

6Pangwasané Raja Yotam saya mundhak-mundhak, merga panjenengané setya olèhé nglakoni dhawuhé Allah.

7Kedadéan-kedadéan liyané ing pepréntahané Yotam, peprangan lan putusan-putusan, kabèh wis dicathet ing Kitab Sejarahé Para Raja Israèl lan Yéhuda.

8Nalika dadi raja ing Yérusalèm Raja Yotam yuswa 25 taun, lan enggoné dadi raja lawasé 16 taun.

9Bareng séda banjur disarèkaké ana ing Kuthané Dawud. Akhas, putrané, nggentèni dadi raja.



 <<  2 Tawarikh 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel