Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 3 >> 

1Raja Dawud wis nemtokaké yèn Pedalemané Allah kudu didegaké ing Yérusalèm, ing Gunung Moria, yakuwi penggilingan gandum duwèké Arauna, wong Yébus. Olèhé mbangun Pedalemané Allah kawiwitan déning Raja Suléman

2ing sasi kapindho, taun ping paté Suléman jumeneng raja.

3Pedalemané Allah mau dawané pitulikur mèter lan ambané sangang mèter.

4Bangsal sing ngarep dawané padha karo ambané, yakuwi sangang mèter. Dhuwuré sèket papat mèter. Kamar mau sing sisih njero dilapis emas murni.

5Bangsal gedhé digebyog nganggo papan kayu cemara Libanon lan dilapis emas tuwa sing dihias nganggo ukiran wit kurma lan lung-lungan.

6Sang Raja iya ngrengga Pedaleman mau nganggo akik sing éndah-éndah lan emas sing ditekakaké saka negara Parwaim.

7Emas mau iya dienggo nglapisi témbok-témboké Pedalemané Allah, balok-baloké, inebé lawang-lawang lan kusèn-kusèné. Témboké direngga nganggo ukiran kerub.

8Bangsal njero sing disebut Papan Mahasuci dawané nem mèter lan ambané sangang mèter, padha karo ambané Pedalemané Allah. Emas sing kanggo nglapisi témboké Papan Mahasuci mau ana nemlikur ton.

9Sing kanggo gawé paku ana 570 kilo gram. Semono uga témboké kamar-kamar ndhuwur iya dilapis emas.

10(3:10-13) Sang Prabu iya dhawuh gawé reca kerub loro saka logam dilapis emas, dipasang ing bangsal Papan Mahasuci, jèjèr ngadhepaké lawang. Kerub loro mau nganggo swiwi megar. Dawané 2,2 mèter, pucuké swiwi sing siji gathuk ing tengah bangsal, swiwi sijiné nggepok témboké bangsal kiwa-tengen. Dawané swiwi-swiwi mau sangang mèter, dadi saambané bangsal.

11(3:10)

12(3:10)

13(3:10)

14Bangsal Mahasuci iya dipasangi gordèn kain léna rupané biru, wungu lan abang. Gordhèn mau dihias nganggo sulaman gambar kerub.

15Sang Prabu iya dhawuh gawé cagak loro sing dhuwuré limalas setengah mèter, banjur didegaké ing sangarepé Pedalemané Allah. Cagak mau ndhuwur ana endhasé, sing dhuwuré 2,2 mèter.

16Endhas mau dihias nganggo rerenggan saka prunggu, rupa ranté dinam karo woh dlima satus iji.

17Cagak-cagak mau didegaké ing kiwa-tengené gapura Pedalemané Allah. Sing ana ing sisih Kidul dijenengaké Yakin, sing sisih Lor Boas,



 <<  2 Tawarikh 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel