Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 35 >> 

1Kecrita Raja Yosia ngriayakaké Paskah ing Yérusalèm kanggo ngurmati Allah. Wedhusé gèmbèl Paskah disembelèh tanggal patbelas sasi kapisan.

2Yosia ngedum pegawéan sing kudu ditindakaké déning para imam ana ing Pedalemané Allah, karo diweling supaya padha nyambut-gawé sing becik.

3Yosia uga paring dhawuh marang para wong Lèwi sing wis dipilih kagem Allah lan kadadèkaké guruné Israèl, mengkéné, "Pethining Prejanjiané Pangéran kang suci kuwi dokokna ing Pedalemané Allah, yasané Raja Suléman putrané Raja Dawud. Aja kokelih-elih menèh. Padha ngladènana Pangéran Allahmu lan Allahé bangsa Israèl.

4Padha nglakonana pegawéanmu ana ing Pedalemané Allah, yakuwi panggonan sing wis ditetepaké kanggo gotrahmu, lan padha cecawisa nglakoni pegawéan sing wis dicawisaké déning Raja Dawud lan Raja Suléman kanggo kowé.

5Pegawéanmu kuwi tatanen nganti selawasé saben ana pepanthané wong Israèl teka mrono ana wong Lèwi sing ngladèni.

6Kowé kudu nyembelèh wedhus gèmbèl lan wedhus jawa ing Riaya Paskah. Mulané kowé kudu padha sesuci, yakuwi ngresiki awakmu manut prenatané agama, lan nyawisaké kurban supaya sedulur-sedulurmu tunggal bangsa bisa nindakaké apa sing didhawuhaké déning Pangéran lantaran Musa."

7Kanggo pangané wong-wong sing padha nekani Riaya Paskah mau Sang Prabu Yosia nyumbang saka raja-kaya kagungané piyambak: wedhus gèmbèl, cempé gèmbèl lan cempé jawa 30.000, sarta sapi lanang 3.000.

8Para pegawéné Raja Yosia iya padha nyumbang kanggo rakyat, para imam, sarta kanggo wong Lèwi. Para pegawé sing padha dipasrahi tanggung jawab tumraping Pedalemané Allah, yakuwi Imam Agung Hilkia, Zakharia lan Yehièl, telu-teluné maringaké marang para imam cempé gèmbèl lan cempé wedhus jawa 2.600 iji, sapi lanang 300 kanggo kurban ing dina riaya mau.

9Para pemimpiné wong Lèwi, yakuwi: Konanya, Semaya lan Natanaèl sasedulur, Hasabia, Yeièl lan Yozabad, padha masrahaké marang wong Lèwi cempé gèmbèl lan cempé wedhus jawa 5.000 iji, sarta sapi lanang 500 iji kanggo kurban ing Riaya Paskah mau.

10Sawisé kabèh sing kanggo Riaya Paskah wis cemepak, para imam lan wong Lèwi banjur padha mapan ngadeg ing panggonané dhéwé-dhéwé kaya sing didhawuhaké déning Sang Prabu.

11Banjur padha nyembelèh kéwan sing kanggo Riaya Paskah. Wong Lèwi ngelèti kulité kéwan lan para imam sing nyiprat-nyiprataké getihé ing sandhuwuré mesbèh.

12Saben kulawarga sing ana ing kono nampa kéwan siji saka kéwan-kéwan sing arep digawé kurban obongan. Nganggo cara mengkono padha bisa gawé kurban manut prenatan sing kasebut ana ing Kitab Torèté Musa.

13Wong Lèwi nuli manggang kurban Paskah ana ing geni miturut prenatané. Kurban-kurban khusus digodhog ana ing kèncèng, kuwali lan ing panci-panci, nuli énggal-énggal diedum marang wong akèh.

14Sawisé mengkono wong Lèwi lagi ngolah sing arep dipangan dhéwé, lan kanggo para imam tedhaké Harun. Para imam sedina muput nyambut-gawé keras saos kurban obongan rupa kéwan-kéwan mau, sarta ngobong gajihé.

15Para ahli nabuh alat-alat musik saka kaum Asaf, taler Lèwi, wis siaga mapan ana ing panggonan sing wis ditetepaké déning Sang Prabu Dawud. Wong-wong mau yakuwi: Asaf, Héman lan Yedhutun, nabi sing dadi penaséhaté Sang Prabu. Wong-wong sing padha jaga ing lawang-lawangé gapura ora susah ninggal panggonané jaga, merga bisa mèlu ngriayakaké Paskah ana ing kono, diladèni déning wong-wong Lèwi liyané.

16Ing dina kuwi wong Lèwi padha nglakoni sakèhing pegawéan sing didhawuhaké déning Sang Prabu Yosia kanggo Riaya Paskah, semono uga padha saos kurban ana ing mesbèh.

17Rakyat Israèl sing ana ing kono padha ngriayakaké Paskah, karo Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi lawasé pitung dina.

18Wiwit jamané Nabi Samuèl durung tau ana Riaya Paskah gedhèn kaya kuwi. Durung tau ana raja siji waé sing tau ngriayakaké Paskah

19kaya sing dianakaké déning Raja Yosia nalika pepréntahané nyandhak kaping wolulasé, bebarengan karo para imam, wong Lèwi, wong Yéhuda lan wong Israèl, sarta wong-wong sing manggon ing kutha Yérusalèm.

20Sawisé Raja Yosia rampung enggoné ndandosi Pedalemané Allah, Néko raja Mesir karo balané nglurug perang menyang Karkhemis, sacedhaké Bengawan Éfrat. Raja Yosia arep ngalang-alangi,

21nanging Néko kirim layang marang Raja Yosia, surasané mengkéné: "Raja Yéhuda. Panjenengan kula aturi sampun tumut-tumut. Kula mboten perang kaliyan panjenengan, nanging kaliyan mengsah-mengsah kula, lan Allah ngersakaken kula énggal-énggal nandangi prekawis menika. Allah paring pambiyantu dhateng kula. Pramila panjenengan sampun ngantos ngalang-alangi dhateng kula, supados panjenengan mboten katumpes."

22Nanging Raja Yosia meksa nglawan. Panjenengané ora nurut marang pangandikané Allah lantaran Raja Néko. Raja Yosia nylamur lan mèlu perang ing Lebak Megido.

23Ing peprangan kono Raja Yosia kena panah. Banjur dhawuh marang para abdiné supaya disingkiraké saka papan peprangan, merga tatuné banget.

24Raja Yosia diangkat saka krétané, dielih ing kréta liyané sing ana ing kono, banjur digawa menyang Yérusalèm. Tekan kana panjenengané séda lan disarèkaké ana ing pesaréané para raja. Rakyat Yéhuda lan Yérusalèm padha nganakaké petangisan.

25Nabi Yérémia nganggit nyanyian pesambat nangisi Raja Yosia. Nyanyian mau tekan saiki dilagokaké déning para penyanyi Israèl, iya penyanyi lanang, iya penyanyi wadon, yakuwi saben dianakaké pèngetan dina sédané Yosia. Nyanyian mau diklumpukaké dadi siji karo kidung-kidung pesambat liyané.

26Riwayaté Yosia liyané, katresnané marang Allah, pambangun-turuté marang prenatan-prenatané Pangéran,

27ringkesé riwayaté kabèh wiwitan tekan wekasan, kabèh wis ditulis ana ing Kitab Babadé Para Raja Israèl lan Yéhuda.



 <<  2 Tawarikh 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel