Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 4 >> 

1Sang Prabu Suléman dhawuh gawé mesbèh saka prunggu sing dawané lan ambané sangang mèter, sarta dhuwuré papat setengah mèter.

2Iya dhawuh gawé jembangan bunder saka prunggu, sing dawané 2,2 mèter, garis tengahé 4,4 mèter lan ubengé 13,2 mèter.

3Njabané jembangan mau direngga nganggo rerenggan sapi rong larik, sing dicithak bareng karo jembangané.

4Jembangan mau dipapanaké ana ing gegeré reca sapi rolas saka prunggu; reca sapi mau telu madhep ngalor, telu madhep ngidul, telu madhep ngulon lan telu madhep ngétan.

5Jembangan mau kandelé 75 milimèter. Lambéné njebèr kaya lambé cangkir. Jembangan mau kurang luwih amot banyu 60.000 liter.

6Raja Suléman iya dhawuh gawé pengaron gedhé sepuluh, lima didokok ing sakidulé Pedalemané Allah, lima ing saloré. Pengaron-pengaron mau gunané kanggo ngumbah tengkelan-tengkelan kéwan sing arep diobong kanggo kurban. Banyu sing ana ing jembangan gedhé mau dicawisaké kanggo wijik para imam.

7(4:7-8) Suléman uga didhawuhi gawé papan lampu saka emas, cacahé sepuluh, miturut modhèl sing wis dirancang, mengkono uga méja cacahé sepuluh. Papan lampu lan méja-méjané kabèh mau didokok ing bangsal gedhé ing Pedalemané Allah, lima ing sisih kiwa lan lima ing sisih tengen. Iya ndhawuhaké gawé bokor emas cacahé satus iji.

8(4:7)

9Kejaba kuwi Raja Suléman uga dhawuh gawé plataran ing njero kanggo para imam, lan plataran sisih njaba. Inebé lawang ing antarané plataran loro mau dilapis prunggu.

10Jembangan mau didokok ing pojok Kidul-wétané Pedalemané Allah.

11(4:11-16) Huram, kepalané para tukang, gawé kwali, susruk sarta bokor-bokor. Sawernané prabot Pedalemané Allah digawé nganti rampung kabèh, kaya janjiné karo Raja Suléman, yakuwi: Cagak gedhé loro Endhasé cagak-cagak sing dipasang ing sandhuwuré cagak-cagak mau Nam-naman ranté ing saben endhasé cagak Delima prunggu patang atus iji, ditata dadi rong larik, ing saben endhasé cagak, ngubengi nam-naman ranté; saben lariké isi satus. Kréta sepuluh Pengaron gedhé sepuluh Jembangan Sapi saka prunggu sing nyangga jembangan Kwali-kwali, susruk-susruk lan garpu-garpu Prabot mau kabèh digawé saka prunggu, lan digosok nganti mengkilap. Kuwi kabèh digawé déning Huram kanggo Pedalemané Allah kaya sing didhawuhaké déning Suléman.

12(4:11)

13(4:11)

14(4:11)

15(4:11)

16(4:11)

17Sang Prabu dhawuh supaya barang-barang mau digawé ana ing bèngkèl pengecoran sing dunungé ing antarané Sukot lan Zeréda, ing Lebak Yardèn.

18Saka akèhé barang sing digawé mau nganti ora ana wong sing ngerti entèk prunggu pirang kilogram.

19(4:19-22) Raja Suléman iya dhawuh gawé prabot-prabot liyané saka emas murni kanggo Pedalemané Allah. Prabot-prabot mau yakuwi: Mesbèh Méja-méja kanggo roti sajèn Papan lampu kabèh digawé saka emas tuwa, cocog karo sing karancang. Papan lampu mau didokok ing ngarepé Papan Mahasuci Hiasan rupa kembang-kembangan Lampu-lampu Japit-japit mawa Piranti-piranti kanggo matèni lampu Bokor-bokor Pedupan Panggonan mawa Kabèh lawang ing Pedalemané Allah sing sisih njaba lan lawang ing Papan Mahasuci padha dilapis emas.

20(4:19)

21(4:19)

22(4:19)



 <<  2 Tawarikh 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel