Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 2 >> 

1Mulané, kowé anakku, dibakuh lantaran sih-rahmaté Gusti Allah ana ing patunggilan kita karo Sang Kristus Yésus.

2Tembungku sing kokrungu ing piwulangku ana ing ngarepé para seksi akèh kaé gatèkna lan pitayakna marang wong-wong sing kokprecaya, yakuwi wong-wong sing bisa mulangaké bab mau marang wong liya.

3Padha mèlua nandhang sangsara dadi prejurité Sang Kristus Yésus.

4Prejurit sing lagi nglakoni ayahané kuwi kepéngin gawé senengé atiné komandhané, lan ora ngurusi prekara-prekara liya.

5Olahragawan sing mlayu ana ing balapan ora bisa dadi juwara yèn ora netepi prenatané balapan.

6Wong tani sing nyambut-gawé mempeng, kuwi sing kudu olèh panduman dhisik dhéwé saka panènané.

7Gatèkna kandhaku iki, awit Gusti bakal maringi pangerti marang kowé bab apa waé.

8Ngèlingana marang Gusti Yésus, sing wis kawungokaké saka ing séda; Panjenengané kuwi tedhaké Sang Prabu Dawud, kaya sing diwulangaké déning Injil, sing dakwartakaké.

9Merga saka enggonku martakaké Injil mau, aku saiki nandhang sangsara, lan aku diranté kaya durjana. Nanging pangandikané Gusti Allah ora kena diranté.

10Lan iya merga saka kuwi, sakèhing lelakon iki daksangga klawan sabar kanggo umat pilihané Gusti Allah, supaya wong-wong mau iya padha nampanana kamulyan langgeng sing ana ing Sang Kristus Yésus.

11Pancèn bener pangandika ing Kitab Suci sing mengkéné: "Yèn kita mati bareng karo Panjenengané, kita uga bakal urip bareng karo Panjenengané.

12Menawa kita padha tahan, kita bakal ndhèrèk ngerèh karo Panjenengané. Menawa kita nyélaki Panjenengané, kita iya bakal disélaki déning Panjenengané.

13Menawa kita ora setya, Panjenengané tetep setya, awit Panjenengané ora tau sulaya karo sarirané piyambak."

14Wong-wongmu padha tuturana, lan padha élingna ana ing ngarsané Gusti Allah, supaya aja padha regejegan mung prekara tembung-tembung. Kuwi ora ana paédahé, malah mbubrah pikirané wong sing padha ngrungokaké.

15Padha ngudia sakatogé supaya olèh pengalem saka Gusti Allah, dadi abdi sing ora isin nglakoni pegawéané, yakuwi mènèhaké piwulang bab prekara sing bener, sing sejati saka Gusti Allah.

16Singkirana omongané wong sing bodho lan tanpa teges, sing malah mung nekakaké piala.

17Piwulangé wong-wong mau padha kaya lelara sing nggrogoti daging; kayata piwulangé Himénéus lan Filétus.

18Wong-wong mau wis padha nyimpang saka dalan sing bener lan saiki lagi gawé bingungé wong precaya sawetara, srana piwulangé, yèn petangèné wong mati kuwi wis kelakon.

19Nanging dhasaring pakaryané Gusti Allah kuwi kukuh, ora bisa goyah. Lan iki tembung sing katulis ana ing sandhuwuré dhasar mau: "Gusti pirsa wong-wong sing dadi kagungané," lan: "Sing sapa ngaku dadi kagungané Gusti, kuwi kudu nyingkiri penggawé ala."

20Ing sajroning omah sing gedhé kuwi praboté rupa-rupa; ana sing digawé saka slaka, ana sing saka emas; ana menèh sing digawé saka kayu lan lempung; ana sing dienggo kaperluan-kaperluan istiméwa, ana sing kanggo kaperluan-kaperluan lumrah.

21Menawa wong ngresiki awaké saka sarupaning piala, wong mau bakal diagem nindakaké prekara-prekara sing mulya, sing maédahi marang Gustiné. Wong mau samekta diagem nindakaké pegawéan sing utama.

22Mulané nyingkirana watak-wantuné wong nom, lan ngudia marang kamursidan, kaprecayan, katresnan lan katentreman, bebarengan karo wong-wong sing klawan ati sing resik nyuwun pitulungané Gusti.

23Nanging dhébatan sing tanpa teges lan tanpa dhasar kuwi singkirana; awit kowé ngerti yèn kabèh mau wekasané mung nuwuhaké padu.

24Abdiné Gusti mono ora kena kerengan, malah kudu sumanak karo wong kabèh, pinter memulang lan sabar.

25Lan bisa melèhaké wong kanthi alus; mbokmenawa srana mengkono Gusti Allah paring kelonggaran marang wong-wong mau dadi mratobat lan wanuh marang prekara sing bener.

26Sarta banjur padha éling menèh lan oncat saka kalaning Iblis, sing wis njiret wong-wong mau supaya nuruti kekarepané.



 <<  2 Timotius 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel