Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 3 >> 

1Padha élinga, yèn ing dina-dina wekasan bakal ana kasusahan sapirang-pirang.

2Wong bakal padha mikiraké awaké dhéwé lan karem bandha; bakal padha gumunggung lan dhemen goroh. Bakal padha seneng mitenah lan brontak marang wong tuwané; padha ora duwé panarima lan ora merduli marang pangibadah.

3Ora padha sumanak, malah padha ambek siya; seneng ngala-ala wong liya, sarta seneng tumindak kasar lan tegelan. Padha sengit marang kabecikan.

4Seneng cidra, ora sabaran lan kumenthus. Wong-wong mau bakal padha luwih nengenaké kasenengan ketimbang karo ngabekti marang Gusti Allah.

5Padha seneng nglakoni saraking agama mung tata lairé, nanging nampik paédahé agama mau sing satemené. Wong-wong mau singkirana.

6Ana sawetara sing wis padha mlebu-metu omah-omah nedya mbujuk wong-wong wadon sing padha rumangsa kabotan dosa lan padha kabereg déning hawa-nepsu rupa-rupa.

7Yakuwi wong-wong wadon sing padha kepéngin sinau bab prekara sing bener, nanging ora tau nggayuh bab mau.

8Kaya Yanes lan Yambres sing padha nglawan marang Nabi Musa biyèn, mengkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayektèn !!— yakuwi wong-wong sing pikirané wis rusak lan wis murtad saka precayané.

9Nanging wong-wong iki ora bakal ana kaundhakané, jalaran kabèh wong wis padha ngerti bodhoné, ora béda karo lelakon sing dialami déning Yanes lan Yambres mau.

10Nanging kowé wis nampani piwulangku, wis ngerti kelakuanku lan tujuning uripku. Kowé wis namataké precayaku, kesabaranku, katresnanku, ketabahanku.

11Kowé wis nyipati dhéwé enggonku dianiaya lan disangsara. Kowé wis nyipati dhéwé kabèh sing wis kelakon tumraping aku ana ing kutha-kutha Antiokia, Ikonium, lan Listra, yakuwi panganiaya-panganiaya nggegirisi sing wis dakalami. Nanging Gusti wis ngluwari aku saka kuwi mau kabèh.

12Kabèh wong sing ngabekti lan nunggil karo Sang Kristus bakal ngalami dianiaya,

13nanging wong ala lan wong dhemen cidra malah bakal saya ndadra enggoné nglakoni piala, padha ngapusi, nanging iya diapusi.

14Nanging kowé, Timotius, tetepa nggondhèli kabeneran sing wis koktampani lan kokyakini. Kowé ngerti sapa guru-gurumu biyèn.

15Lan élinga yèn wiwit cilik kowé wis wanuh karo Kitab Suci, sing marakaké kowé olèh kawicaksanan lan nuntun kowé marang keslametan lantaran precaya marang Gusti Yésus Kristus.

16Kabèh isining Kitab Suci kuwi diwangsitaké déning Gusti Allah lan maédahi kanggo mulang bab sing bener, melèhaké sing luput, mbeneraké sing kliru, lan mulang marang manungsa bab urip sing nyondhongi karo kersané Gusti Allah.

17Supaya srana Kitab Suci mau, wong sing ngladosi Gusti Allah dilatih lan dipraboti, sarta padha bisa nglakoni sedhéngah pegawéan sing becik.



 <<  2 Timotius 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel