Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 4 >> 

1Gusti Yésus Kristus bakal rawuh menèh, jumeneng hakim, ngadili wong sing urip lan wong sing wis mati. Panjenengané bakal nindakaké Pepréntahané. Mulané banget penjalukku marang kowé,

2ngabarna Injil, ora preduli wong sing kokkabari gelem ngrungokaké apa ora. Wong padha kandhanana, padha welèhna, lipuren lan wulangen kanthi sabar.

3Bakal ana mangsané wong padha ora betah ngrungokaké piwulang sing bener. Wong-wong mau bakal padha nuruti nepsuné dhéwé lan nglumpukaké guru-guru, sing gelem mulang bab prekara-prekara sing kepénak dirungokaké ing kupingé.

4Wong-wong mau bakal ngingeraké kupingé saka piwulang sing bener, lan milaur ngrungokaké marang dongèng-dongèng.

5Nanging kowé kudu padha ngendhalèni awakmu dhéwé ing sedhéngah kaanan, sing sabar ing sajroning kasangsaran. Injil wartakna, lan kabèh kuwajibanmu tindakna krana enggonmu dadi abdiné Gusti Allah.

6Déné aku, saiki wis tekan titi mangsané enggonku dadi kurban kagem Gusti. Wis tekan wayahé aku ninggalaké donya iki.

7Aku wis mlayu ngetog karosanku sajroning balapan, saiki playuku wis tekan garis wekasan, aku wis menang enggonku ngantepi precaya.

8Lan saiki tandha kemenangan wis disedhiyakaké kanggo aku, yakuwi makuthaning kabeneran, sing bakal kaparingaké déning Gusti, Hakim Kang Adil, marang aku, ana ing Dina Kiamat. Lan ora mung aku dhéwé, nanging sakèhing wong sing padha nganti-anti kanthi tresna marang rawuhé Gusti.

9Ngudia supaya kowé énggal teka ing panggonanku.

10Démas wis ninggal aku, awit seneng karo donya iki; saiki dhèwèké lunga menyang kutha Tésalonika. Kreskes lunga menyang tanah Galatia lan Titus menyang Dalmatia.

11Kari Lukas sing isih ana ing kéné. Markus pethuken lan jaken mréné bareng karo kowé, awit Markus bisa nyambut-gawé mbiyantu aku ana ing pegawéanku.

12Aku wis ngirim Tikhikus menyang kutha Éfesus.

13Yèn kowé mréné jubahku sing daktinggal ana ing kutha Troas, ing omahé Karpus, gawakna. Buku-buku gawanen pisan. Déné sing prelu dhéwé sing ditulis ana ing wlulang kaé.

14Alèksander, tukang tembaga kaé, wis nindakaké piala akèh marang aku. Dhèwèké bakal diwales déning Gusti manut penggawéné.

15Kowé dhéwé sing waspada marang wong kuwi, sebab banget enggoné nglawan piwulang kita.

16Nalika aku diajokaké ing pengadilan sing kapisan, ora ana wong siji-sijia sing mbélani aku ngaturaké penjawab. Kabèh wis padha ninggal aku. Muga-muga wong-wong mau padha diapura déning Gusti Allah.

17Nanging Gusti wis nunggil karo aku. Aku diparingi kekuwatan, nganti aku bisa nyritakaké bab Injil ing sasampurnané, lan dirungokaké déning para wong dudu Yahudi. Aku wis diluwari saka cangkemé singa.

18Gusti bakal ngluwari aku uga saka ing sarupaning penggawé ala, lan ngasta aku ana ing Kratoné ing swarga. Panjenengané kaluhurna ing selawasé! Amin.

19Aku kirim salam marang Priskila lan Akwila lan marang brayaté Onésiforus.

20Érastus kari ana ing kutha Korintus, nanging Trofimus daktinggal, lagi lara ana ing kutha Milétus.

21Kowé ngudia supaya bisa tekan kéné sadurungé mangsa bedhidhing. Ébulus, Pudès, Linus, lan Klaudia padha kirim salam, mengkono uga sedulur-sedulur liyané sing padha precaya.

22Muga Gusti nunggil karo kowé. Sih-rahmaté Gusti Allah nunggila ing kowé kabèh. Saka aku, Paulus



 <<  2 Timotius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel