Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 4 >> 

1Iki rungokna, hé para wong wadon Samaria, sing padha lemu ginuk-ginuk kaya sapi Basan sing dilemokaké. Kowé padha nyia-nyia wong sèkèng lan nindhes wong miskin, sarta akon bojomu nyawisi kowé anggur sing apik dhéwé!

2Allah Kang Mahakwasa lan Mahasuci wis supaos mengkéné: Bakal tekan wektuné kowé padha kagèrèd nganggo keluh, saben wong ditarik nganggo pancing kaya iwak.

3Kowé bakal digèrèd menyang bètèng sing bolong lan dibuwang metu saka kono."

4Pangandikané Pangéran Kang Mahaluhur mengkéné, "Hé wong Israèl, lungaa menyang pasucènmu ing Bètèl lan terus-terusna enggonmu gawé dosa! Lungaa menyang Gilgal lan gawéa dosa sakatogmu! Terus-terusna lan gawéa kurban sembelèhan, saben ésuk sarta saosna prasepuluhanmu pendhak telung dina sepisan.

5Terusna enggonmu nyaosaké kurban dhaharan marang Allah, lan ngumukna enggonmu saos kurban mirunggan! Mengkono mau rak wis dadi kasenenganmu.

6‘Aku bakal nekakaké paceklik ana ing kutha-kuthamu, éwasemono kowé padha ora mratobat marang Aku.

7Aku nyegah tekané udan, samasa tanduranmu nedheng-nedhengé mbutuhaké banyu. Kutha sing siji Dakparingi udan, nanging sijiné ora. Udan tiba ing sawah sing siji, nanging liyané tetep garing.

8Wong saka kutha ngendi-endi sing lemes merga ketaton, padha golèk banyu ing kutha sing dikira ana banyuné, jebul banyuné ing kono ora cukup kanggo ngombé. Éwasemono kowé padha ora mratobat marang Aku.

9Aku banjur nekakaké angin panas sing mbrongot tanduranmu. Walang-walang padha mangan wit-witan sing ana ing kebonmu, wit anggurmu sarta wit anjir lan wit zaitun, nganti entèk tapis. Éwasemono kowé padha ora mratobat marang Aku.

10Aku wis ngintunaké pageblug ana ing tengahmu kaya kang Dakkintunaké marang wong Mesir; para nonomanmu wis padha Dakpatèni ana ing peprangan, semono uga jaran-jaranmu wis padha dirayah. Panggonanmu wis Dakdamel bacin merga bathangé wong lan kéwan nganti ambuné mau nyogok irungmu, éwasemono kowé padha ora mratobat marang Aku.

11Wongmu sawetara ana sing Daktumpes kaya enggon-Ku numpes Sodom lan Gomora. Ana sing kari urip, presasat kayu murub kaentas saka geni. Éwasemono kowé ora mratobat marang Aku’, mengkono pangandikané Pangéran.

12Mulané hé wong Israèl, kowé bakal Dakukum, lan sarèhné mengkono, kowé tata-tataa nampani paukuman-Ku!"

13Allah kang yasa gunung-gunung sarta nitahaké angin. Panjenengané nyumurupaké marang manungsa apa sing digalih. Panjenengané sing nitahaké rina lan wengi. Panjenengané tindak ana ing sandhuwuré punthuk-punthuking bumi. Asmané kasebut: Pangéran Allah Kang Mahakwasa!



 <<  Amos 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel