Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 12 >> 

1Sing sapa seneng marang kawicaksanan, kuwi seneng diélikaké samasa gawé kaluputan, nanging wong sing tanpa budi ora seneng karo pamelèh.

2Gusti Allah rena karo wong becik, nanging wong sing ngrancang piala diukum.

3Wong ora bisa dadi sentosa srana nindakaké penggawé ala, nanging wong sing lakuné bener ngadeg kalawan sentosa.

4Wong wadon sing becik dadi kabungahan lan makuthané bojoné, nanging wong wadon sing gawé isin, presasat kangker ing balungé sing lanang.

5Apa kang dirancang déning wong mursid kuwi kejujuran, nanging rancangané wong duraka nasaraké.

6Tembungé wong duraka nuntun ing pati, nanging tembungé wong temen mitulungi.

7Wong duraka bakal ambruk lan cures turuné, nanging brayaté wong mursid bakal lestari.

8Wong dialembana merga kabecikané, nanging wong sing ora temen ora kajèn.

9Luwih becik dadi wong cilik, sing nyambut-gawé kanggo awaké dhéwé, ketimbang dadi wong gedhé sing nandhang kecingkrangan.

10Wong mursid ngopèni kéwané, nanging wong duraka ambek siya karo kéwané.

11Wong sing nggarap lemahé bakal ora kekurangan pangan, nanging wong sing kepéngin barang sing tanpa guna kuwi tanpa budi.

12Wong duraka senengé nglakoni piala, nanging wong mursid kekarepané kenceng.

13Wong duraka kuwi kejiret déning tembungé dhéwé, nanging wong jujur ngentas awaké dhéwé saka karubedan.

14Wong nampa ganjaran merga saka tembungé lan tandang-tanduké dhéwé; apa sing ditampa yakuwi sing pantes dadi bagéané.

15Wong gemblung nganggep awaké dhéwé bener, nanging wong wicaksana ngrungokaké rembugé liyan.

16Wong gemblung yèn jèngkèl énggal dikétokaké, nanging wong wicaksana nutupi rasaning atiné.

17Wong sing kandha sabeneré kuwi nindakaké keadilan, nanging wong goroh tumindak ora adil.

18Tembung sing ora dipikir bisa natoni ati sing larané ngungkuli dituwek ing pedhang, nanging tembungé wong wicaksana gawé lilihing ati.

19Tembung cidra kuwi ora suwé uripé, nanging katemenan langgeng selawasé.

20Wong sing ngrancang piala kuwi atiné kebak cidra, nanging wong sing awèh pamrayoga becik bakal nemu kabungahan.

21Wong mursid ora ketaman bilai, nanging wong duraka selawasé kebyukan cilaka.

22Wong goroh disengiti déning Allah, nanging wong sing netepi janjiné dikasihi.

23Wong wicaksana nutupi kawruhé, nanging wong gemblung ngumbar kabodhoané.

24Wong sing nyambut-gawé sregep bakal olèh pangwasa, nanging wong kesèd bakal dadi batur-tukon.

25Sumelang ngilangaké kabungahan, nanging pitutur gawé padhangé ati.

26Wong mursid kuwi dadi penuntun tumrap mitrané, nanging wong duraka nasaraké kancané.

27Wong kesèd bakal ora nyekel barang sing dioyak, nanging wong sregep bakal nampa barang sing akèh ajiné.

28Dalaning urip kuwi metu kamursidan, piala njalari anjog ing pati.



 <<  Amsal 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel