Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 13 >> 

1Anak sing wicaksana nggatèkaké pituturé bapakné, nanging wong angkuh ora ngrèwès marang pamelèh.

2Wong becik nampa berkah merga tembung sing diucapaké, nanging wong ala seneng marang panganiaya.

3Wong sing njaga marang tembungé kuwi ngreksa nyawané, nanging wong sing muni sauni-uniné nemu karusakan.

4Wong kesèd kuwi akèh pepénginané, nanging ora olèh apa-apa, mangka wong sing sregep, panyambut-gawéné nekakaké kalubèran.

5Wong jujur sengit karo tembung goroh, nanging wong ala nekakaké kanisthan lan kwirangan marang awaké dhéwé.

6Wong sing temen lakuné direksa déning kamursidané, nanging piala ngrubuhaké wong duraka.

7Ana wong sugih-sugih, nanging sejatiné ora duwé apa-apa, semono uga ana wong sing éthok-éthok miskin, nanging duwé bandha akèh.

8Wong sugih migunakaké kasugihané kanggo nylametaké uripé, nanging wong miskin ora wedi marang pangancam.

9Wong mursid kaya pepadhang sing sumunar, nanging wong ala kaya senthir sing mbleret nuli mati.

10Piangkuh marakaké grejegan, nanging wong sing ngrungokaké pamrayogané liyan kadunungan kawicaksanan.

11Bandha kuwi yèn enggoné olèh gampang, ilangé iya gampang, nanging sing sapa nglumpukaké saka sethithik, wuwuhé saya akèh.

12Pengarep-arep sing ora keturutan kuwi gawé gelaning ati, nanging pengarep-arep sing keturutan gawé bungahing ati.

13Sing sapa nampik pangandikané Allah bakal kawales, nanging sing sapa nggatèkaké dhawuh mau bakal olèh ganjaran.

14Piwulangé wong wicaksana kuwi sumberé urip, ndadèkaké wong nyingkiri kalané pati.

15Budi kang luhur kuwi marakaké wong dadi kajèn, nanging wong sing ora kena diprecaya marakaké cilaka.

16Wong wicaksana mikir dhisik sadurungé tumindak, nanging wong gemblung ngetokaké kabodhoané.

17Utusan sing ora jujur gawé cilaka, nanging sing kena diprecaya nekakaké katentreman.

18Kemlaratan lan kanisthan kuwi pandumané wong sing nampik pamerdi, nanging wong sing gelem nampani pamelèh, kajèn.

19Pengarep-arep sing keturutan kuwi mbungahaké ati, nanging wong bodho ora gelem ninggal piala.

20Sing sapa sesrawungan karo wong wicaksana, iya dadi wicaksana, déné sing awor karo wong gemblung bakal nemu karusakan.

21Wong duraka diburu bilai, nanging wong becik nampa ganjaran.

22Wong becik ninggali warisan tekan anak-putuné, nanging barang-darbèké wong duraka digadhangaké marang wong mursid.

23Lemah bera satemené bisa metokaké pangan akèh kanggo wong mlarat, nanging wong duraka ora lila lemah mau digarap.

24Sing sapa ora merdi anaké, ora tresna marang anaké. Sing sapa tresna marang anaké, diperdi wiwit cilik mula.

25Wong mursid bisa mangan sawaregé, nanging wong duraka selawasé bakal nandhang kecingkrangan.



 <<  Amsal 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel