Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 14 >> 

1Kawicaksanané wong wadon kuwi nekakaké berkah marang brayaté, nanging wong gemblung ngrusak brayaté dhéwé.

2Sing sapa temen lakuné kuwi nélakaké pambangun-turuté marang Allah, nanging sing sapa nylèwèng, ngrèmèhaké Gusti Allah.

3Wong gemblung seneng umuk, nanging wong wicaksana direksa déning tembungé.

4Tanpa sapi lumbungmu bakal kothong, nanging sing sapa migunakaké sapi, lumbungé bakal kebak.

5Seksi sing temen kuwi ora goroh, nanging sing ora temen tembung-tembungé goroh kabèh.

6Wong angkuh ora bakal dadi wicaksana, nanging wong pinter énggal tambah kawruhé.

7Aja srawung karo wong gemblung, awit kowé ora bakal olèh kawruh apa-apa.

8Yagéné wong pinter kuwi wicaksana? Merga ngerti apa sing kudu dilakoni. Nanging wong bodho rumangsané wis ngerti sembarang.

9Wong gemblung ora mreduli dosané diapura apa ora, nanging wong mursid ngudi supaya olèh pangapuraning dosané.

10Mung atiné wong dhéwé sing ngrasakaké paiting kasusahané, mengkono uga wong liya ora bisa mèlu ngrasakaké kabungahané.

11Omahé wong mursid tetep ngadeg, senajan omahé wong duraka wis sirna.

12Ana dalan sing dikira bener, mangka wekasané anjog ing pati.

13Guyu bisa kanggo nutupi sedhihing ati; wekasané kabungahan mau adaté mrihatinaké.

14Wong duraka nampa piwalesing penggawéné sing ala; wong mursid nampa ganjarané penggawéné sing becik.

15Wong bodho ngandel marang tembungé saben wong; wong wicaksana lakuné nganggo duga-duga.

16Wong wicaksana kuwi ngati-ati, mula nyingkiri piala, nanging wong bodho ora sabaran lan tumindaké kesusu.

17Wong sing cepak nepsuné sok metu pratingkahé sing tanpa dipikir, nanging wong wicaksana sabar.

18Wong sing tanpa budi nampa piwalesing kabodhoané, nanging wong wicaksana diganjar kawruh.

19Wong ala bakal ndhingkluk ana ing ngarepé wong becik, lan wong duraka ana ing ngareping lawangé wong mursid.

20Wong mlarat disengiti wong akèh, malah kancané dhéwé iya mèlu sengit, nanging wong sugih akèh mitrané.

21Sing sapa ngina marang pepadhané kuwi gawé dosa, nanging begja wong sing melasi marang wong sing nandhang sangsara.

22Sing sapa nindakaké kabecikan kuwi kajèn lan diprecaya déning pepadhané, nanging sing ngrancang piala kuwi wong kesasar.

23Nyambuta-gawé, mesthi kowé bakal olèh panguripan, nanging wong sing mrana-mréné mung ngobrol waé, bakal mlarat uripé.

24Wong wicaksana kuwi kaganjar kasugihan, nanging wong tanpa budi mamèraké kabodhoané.

25Seksi sing temen kuwi mitulungi nyawané wong, nanging seksi sing cidra gawé cilakané wong.

26Pangabekti marang Allah kuwi nekakaké katentreman lan awèh pengayoman sentosa marang wong liya lan brayaté.

27Pangabekti marang Allah kuwi sumberé urip, sing ndadèkaké wong bisa nyingkiri jireting pati.

28Kamulyané raja kuwi gumantung saka akèhé kawulané, tanpa rakyat raja ora bisa apa-apa.

29Wong sing sabar atiné wicaksana, nanging wong sing cepak nepsuné nélakaké kabodhoané.

30Ati sing sarèh kuwi gawé warasé awak, nanging watak cemburu presasat lelara kangker.

31Sing sapa nindhes wong miskin, kuwi ngala-ala Gusti Allah. Melasi wong mlarat kuwi pangabekti marang Allah.

32Wong duraka dirubuhaké déning pialané dhéwé, nanging wong becik diayomi déning penggawéné becik.

33Kawicaksanan kuwi katon saka pamikiré wong sing duwé budi. Wong bodho ora duwé kawicaksanan.

34Kabeneran kuwi ndadèkaké kaluhurané wong sabangsa, nanging dosa ndadèkaké kanisthané saben wong.

35Abdi sing wicaksana gawé renaning penggalihé Sang Prabu, nanging abdi sing gawé wirang diukum.



 <<  Amsal 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel