Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 15 >> 

1Wangsulan sing sarèh gawé lilihing nepsu, nanging tembung nylekit ndadèkaké muntabing ati.

2Tembungé wong wicaksana nekakaké kapinteran, nanging tembungé wong tanpa budi mung isi kabodhoan.

3Pangéran pirsa apa sing kelakon ing saenggon-enggon, nguningani penggawéné wong sing gawé becik lan sing gawé ala.

4Tembung sing sarèh nekakaké urip, nanging tembung ambek siya natoni ati.

5Wong sing tanpa budi nampik pamerdiné bapakné, nanging wong sing nanggapi piwelèh kuwi wicaksana.

6Wong mursid tansah ketunggon raja-brana, nanging wong duraka kélangan barang-darbèké ing mangsa karibedan.

7Tembungé wong wicaksana kuwi nyebar kawruh, nanging atiné wong tanpa budi ora jujur.

8Gusti Allah rena marang pandongané wong mursid, nanging kurbané wong duraka ditampik.

9Lakuné wong ala kuwi disengiti déning Allah, nanging wong sing mburu marang kamursidan dikasihi.

10Yèn kowé nglakoni kaluputan, bakal diukum abot, nanging yèn kowé ora manut ing piwelèh bakal mati.

11Nraka lan donyané wong mati padha kapirsanan ing tingalé Allah, apa menèh atiné para manungsa.

12Wong angkuh ora gelem diwelèhaké, lan wegah njaluk rembugé wong sing luwih ngerti,

13Ati bungah gawé bingaring ati, nanging sedhihing ati gawé semplah.

14Wong sing pinter kepéngin sinau, nanging wong tanpa budi wis marem karo bodho.

15Uripé wong mlarat kuwi ngrekasa terus, nanging wong sing seneng atiné presasat ana ing satengahing pésta sing ora kendhat-kendhat.

16Luwih becik duwé barang sethithik kanthi pangabekti marang Allah, ketimbang dadi wong sugih sing ora tentrem atiné.

17Luwih becik mung mangan jangan thok karo wong sing kita tresnani, ketimbang mangan daging karo wong sing padha tukar-padu.

18Wong sing cepak nepsuné nekakaké grejegan, nanging wong sing sabar nyirep kekerengan.

19Wong kesèd ana ing endi-endi nemu kasusahan, nanging wong jujur dalané rata.

20Wong wicaksana gawé bungahé atiné bapakné, nanging wong sing tanpa budi ngina ibuné.

21Wong tanpa budi wis marem karo kabodhoané, nanging wong wicaksana nglakoni sing bener.

22Rancangan tanpa panimbang bakal gagal, bisané dadi yèn olèh sarujuké wong akèh.

23Tembung sing cocog samasa diucapaké ing kaanan sing cocog, kuwi mbungahaké ati.

24Dalaning uripé wong sing wicaksana kuwi mendhuwur, dudu dalan medhun sing anjog ing kuburan.

25Pandongané wong angkuh dirusak déning Allah, nanging barang-darbèké wong randha diayomi.

26Rancangan piala disengiti déning Allah, nanging tembung manis gawé renaning penggalihé.

27Sing sapa ngarah kauntungan gedhé nganggo tindak sing ora jujur kuwi ngrusak brayaté dhéwé. Sing sapa nampik besel bakal dawa umuré.

28Wong becik mikir dhisik sadurungé awèh wangsulan. Wong ala énggal awèh wangsulan, nanging wekasané nekakaké karubedan.

29Gusti Allah nyembadani panyuwuné wong mursid, nanging pandongané wong ala ditampik.

30Ulat sing sumèh mbungahaké ati, lan pawarta sing becik nyegeraké nyawa.

31Sing sapa nggatèkaké marang pamelèh kuwi wong sing wicaksana.

32Sing sapa nampik pamerdi gawé ruginé awaké dhéwé. Sing sapa gelem nampani piwelèh bakal wuwuh kawicaksanané.

33Pangabekti marang Allah kuwi marakaké andhap-asor, mula ndadèkaké wong kajèn-kéringan.



 <<  Amsal 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel