Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 26 >> 

1Kaya déné ora ana salju tiba ing mangsa panas lan udan ing mangsa panèn, kaya mengkono uga ora ana wong tanpa pikir sing diurmati.

2Ipat-ipat bakal ora mempan, kejaba yèn kowé pancèn salah. Iku mung kaya manuk sing liwat mabur lan ora ménclok.

3Jaran kudu dipecut lan kuldi kudu dikendhalèni, mengkono uga wong tanpa pikir mbutuhaké gebug.

4Sing sapa mangsuli pitakoné wong tanpa pikir, kuwi dadi tanpa budi dhéwé.

5Wong tanpa pikir iku kudu diwangsuli miturut kaanané sing bodho mau, supaya aja duwé penganggep yèn dhèwèké kuwi wong pinter.

6Sing sapa kongkonan wong tanpa pikir, kuwi padha karo ngetok sikilé dhéwé, ateges nyilakani awaké dhéwé.

7Wong tanpa budi ora bisa migunakaké bebasan, kaya déné wong lumpuh ora bisa migunakaké sikil kanggo mlaku.

8Sing sapa ngurmati wong tanpa budi, kuwi padha waé karo nalèni watu ana ing bandhil.

9Wong tanpa budi sing ngucapaké bebasan kuwi kaya wong mendem sing ngarah njupuk eri sing tumancep ing tangané.

10Wong sing njupuk wong gemblung utawa wong mendem dadi buruhé, kuwi presasat wong manah sing natoni saben wong sing liwat.

11Kaya déné asu mbalèni utah-utahané, mengkono uga wong tanpa pikir ngambali bodhoné.

12Wong tanpa budi sing bodho dhéwé, kuwi kaanané luwih becik, ketimbang karo wong sing rumangsa pinter dhéwé.

13Wong kesèd wegah ninggal omahé, ujaré, "Ana ing dalan lan lurung-lurung ana singa."

14Wong kesèd ngglébag ngiwa ngglébag nengen ana ing peturoné, kaya lawang mubeng ing èngsèlé.

15Wong kesèd muluk ing piring, nanging awang-awangen ngangkat tangané menyang lambéné.

16Wong kesèd rumangsa luwih pinter ketimbang karo wong wicaksana pitu sing pinter mangsuli.

17Wong sing mèlu-mèlu tukar-padu sing dudu urusané, kuwi kaya wong mlaku ing dalan njèwèr kupingé asu.

18(26:18-19) Wong sing nasaraké liyan, mangka ngakuné mung geguyon, kuwi wong gendheng sing dolanan geni.

19(26:18)

20Tanpa kayu geni bakal mati; tanpa penyatur ala tukar-padu bakal sirep.

21Merga anané areng, mawa terus mengangah; merga kayu, geni murub terus, mengkono uga penyatur ala gawé ndadiné tukar-padu.

22Penyatur ala kuwi kaya panganan énak. Saben wong seneng mangan.

23Lambé manis sing nutupi kekarepan ala kuwi kaya krèwèng kalapis slaka.

24Wong lamis kuwi nutupi rasa sengit nganggo tembung manis.

25Aja ngandel karo sumèhé ulaté, merga atiné ngendhem rasa sengit.

26Senajan wong nutupi rasa sengit, nanging penggawéné ala bakal konangan déning wong akèh.

27Sing sapa masang kala kanggo wong liya bakal kejiret dhéwé, sing sapa ngglundhungaké watu bakal keglundhungan dhéwé.

28Ilat cidra natoni wong sing disengiti, lambé cidra nekakaké karusakan.



 <<  Amsal 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel