Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 28 >> 

1Wong ala mlayu, senajan ora ana sing mburu, nanging wong mursid kendel kaya singa.

2Bangsa sing akèh dosané pijer gonta-ganti pemimpin; bangsa mau sentosa lan lestari menawa dierèh déning wong pinter sing wicaksana.

3Penggedhé sing nindhes wong miskin kuwi kaya udan deres sing ngrusak panèn.

4Wong sing ora ngajèni prenatan kuwi ngalem marang wong duraka, nanging wong mursid nepsu menawa prenatan dirusak.

5Wong duraka ora ngerti apa sing diarani bener, nanging wong mursid ngerti samubarang.

6Luwih becik dadi wong miskin nanging jujur, ketimbang dadi wong sugih sing culika.

7Anak sing netepi prenatan kuwi wicaksana, nanging anak sing seneng sesrawungan karo wong ora kanggo ing gawé, gawé wirangé bapakné.

8Wong sing sugihé merga nganakaké dhuwité, kasugihané bakal dadi pandumané wong sing melasi wong miskin.

9Sing sapa ora maèlu prenatan, pandongané disengiti déning Allah.

10Sing sapa nasaraké wong mursid marang dalan sing ala, bakal kejiret déning kalané dhéwé. Wong sing ora kaluputan nampa ganjaran.

11Wong sugih selawasé rumangsa wicaksana, nanging wong miskin sing wicaksana ngerti kaanané wong mau sing satemené.

12Yèn wong mursid nyekel pepréntahan, wong kabèh padha seneng, nanging yèn wong ala olèh pangkat wong kabèh padha umpetan.

13Sing sapa nutupi kaluputané ora bakal maju, nanging sing sapa ngakoni lan marèni kaluputané dikasihi déning Allah.

14Mbangun-turuta marang Allah, mesthi uripmu bakal begja. Nanging yèn kowé wangkal bakal ditumpes.

15Wong miskin kuwi tanpa daya ngadhepi penggedhé sing duraka, sebab pangwasa mau presasat singa nggero golèk memangsan.

16Penggedhé sing ora wicaksana kuwi wataké ambek siya. Sing sapa sengit marang piala lestari pangwasané.

17Sing sapa matèni wong kuwi ndhudhuk kuburé dhéwé kanthi rerikatan, mulané aja kokcegah!

18Sing sapa temen lakuné bakal kapitulungan, nanging sing sapa ora temen ora kenyana-nyana bakal tiba kejrungup.

19Wong tani sing pethel ing gawé bakal ora kekurangan pangan, nanging wong sing ora nggemèni wektu bakal tiba ing kemlaratan.

20Wong sing jujur uripé binerkahan, nanging sing ngaya kepéngin énggal-énggal sugih nyiksa awaké dhéwé.

21Pilih kasih kuwi ora prayoga, éwasemono ana wong sing gelem nglakoni piala mung merga pangan saemplokan.

22Wong drengki kuwi ngaya kepéngin dadi sugih, nanging ora nyana yèn bisa ketekan kemlaratan.

23Sing sapa melèhaké wong kuwi wekasané luwih ditresnani tinimbang karo wong sing ngolor.

24Sing sapa nyolong barangé bapa lan biyungé, mangka nganggep kuwi ora salah, padha karo wong ngrampog.

25Wong watak mélikan kuwi njalari tukar-padu, nanging sing sapa precaya marang Allah kalubèran berkah.

26Sing sapa ngendelaké atiné dhéwé kuwi wong tanpa budi, nanging sing lakuné kalawan kawicaksanan oncat saka bilai.

27Sing sapa wèwèh marang wong miskin, bakal ora nandhang kacupetan, nanging sing ngeremaké mripaté kanggo wong miskin, bakal kena ing ipat-ipat.

28Samasa wong duraka olèh pangwasa, wong-wong padha umpetan, nanging yèn wong mau ditumpes, wong mursid genti nyekel pangwasa.



 <<  Amsal 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel