Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 30 >> 

1Pangandikané Agur bin Yaké, menawa ana wong sing ngucap mengkéné, "Gusti Allah ora nunggil karo aku, Gusti Allah ora nunggil karo aku, mula semplah atiku."

2Aku iki luwih ngèmperi kéwan tinimbang manungsa, aku ora duwé akal budi kaya lumrahé manungsa.

3Aku ora tau nggegulang kawicaksanan, lan ora duwé kawruh bab Allah babar-pisan.

4Sapa sing duwé kawruh kaswargan? Sapa sing tau nggegem angin ana ing tangané? Sapa sing tau mbuntel banyu ana ing jubahé? Sapa sing nemtokaké wates-watesé bumi? Kuwi jenengé sapa? Lan sapa jenengé anaké? Kowé rak weruh?

5Gusti Allah netepi sakèhé janjiné. Panjenengané dadi tetamèngé wong sing kumandel marang Panjenengané.

6Aja nambahi marang pangandikané, supaya kowé aja diukum lan ketemu goroh.

7Dhuh Allah, kalih prekawis ingkang kawula suwun, mugi sampun Paduka tampik, mugi kaparingana sadèrèngipun kawula pejah, inggih menika:

8Kawula katebihna saking wicanten goroh, menapa malih sampun Paduka ganjar kemlaratan utawi kasugihan, nanging kaparingana rejeki sacekapipun kémawon;

9supados menawi kawula ketuwuken sampun ngantos nyélaki Paduka kaliyan mungel, "Gusti Allah kuwi sapa?," utawi menawi kawula miskin, kawula lajeng purun nyolong, lan damel wirang Asmanipun Allah kawula.

10Aja madulaké batur ana ing ngarepé bendarané, supaya batur mau aja nganti nyupatani kowé, sarta kowé kanggep luput.

11Ana sawenèhing wong sing nyupatani bapakné lan ora nyuwunaké berkah kanggo ibuné.

12Ana sawenèhing wong sing ngalem awaké dhéwé yèn resik, mangka nyatané kotoré ora karu-karuwan.

13Ana wong sing rumangsa becik, ora ana tandhingé.

14Ana sawenèhing wong sing tegel meres wong miskin; mengkono carané golèk kauntungan.

15Lintah duwé anak wadon loro, karo-karoné dijenengaké: "Aku njaluk!" Ana patang prekara sing ora tau wareg lan kandha, "Cukup!," yakuwi:

16donyané wong mati, wong wadon sing gabug, lemah garing sing butuh udan, lan geni sing ora kena disirep.

17Sing sapa ngala-ala bapakné lan ngrèmèhaké ibuné sing wis tuwa, beciké dipakakaké manuk gagak, utawa karebèn dimangsa manuk beri.

18Ana patang prekara kang samar tumraping aku, yakuwi:

19patrapé manuk garudha nemu dalané ing awang-awang, lakuné ula sing nlosor ana ing parang, lakuné prau ana ing tengahé samodra, lan wong lanang utawa wadon enggoné nemu jodhoné.

20Penggawéné wong wadon sing laku bédhang kuwi mengkéné: Sawisé nglakoni bédhang, banjur adus lan muni, "Aku ora nglakoni piala apa-apa!"

21Ana patang prekara sing ora ditampa becik déning masarakat, yakuwi:

22batur sing dadi raja, wong tanpa pikir sing keturutan mangan apa waé sing disenengi,

23wong wadon tampikan sing olèh bojo, lan batur wadon sing nglèngsèr kalenggahané bendarané putri.

24Ing donya ana kéwan papat sing senajan cilik, nanging pinter banget, yakuwi:

25semut, kéwan sing ringkih, nanging sajroné mangsa panas nandho pangané,

26wedhus gunung, kéwan sing ora rosa, nanging gawé omahé ana ing parang-parang,

27walang, kéwan sing ora duwé raja, nanging bisa nglurug tekan endi-endi gegolongan,

28cecak, kéwan sing kena dicekel nganggo tangan, nanging iya ketemu ana ing dalemé raja-raja.

29Ana patang prekara kang gagah lakuné, yakuwi:

30singa, kéwan sing rosa dhéwé ing antarané para kéwan, lan ora duwé wedi marang sapa waé,

31wedhus lanang, jago sing njangkah kalawan angkuh, raja-raja menawa pinuju ing ngarepé kawulané.

32Yèn kowé merga saka bodhomu ngegungaké awakmu dhéwé lan ngrancang piala, menenga lan rasak-rasakna dhisik!

33Sebab susu yèn diudhek dadi mertéga; yèn irung diantem metu getihé. Sing sapa gawé nepsuné wong, gawé dhadhakan kerengan.



 <<  Amsal 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel