Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 31 >> 

1Iki pitutur kanggo Lemuèl, raja ing Masa, saka ibuné.

2Hé anakku, anak kang daklairaké, wohing pandongaku. Mengkéné pituturku,

3"Kekuwatanmu aja kokentèkaké kanggo laku jina lan bandhamu aja koktanjakaké kanggo nguja wong wadon sing ngrusak para raja.

4Rungokna Lemuèl, kanggoné raja ora pantes yèn ngombé anggur utawa karem minuman keras.

5Sebab yèn ngombé kowé bakal nyepèlèkaké prenatan lan prekarané wong cilik.

6Minuman keras kuwi kanggo wong sing arep nemu karusakan, lan anggur kanggo wong sing lagi nandhang kasusahan.

7Wong-wong kuwi karebèn ngombé supaya lali karo kemlaratané lan kasusahané.

8Bélanana prekarané wong-wong sing ora bisa mbélani prekarané dhéwé; tanggungen prekarané wong-wong sing katindhes.

9Bukaken lambému lan gawéa putusan sing adil. Ayomana haké wong mlarat lan wong sing papa nistha."

10Golèk rabi sing wicaksana kuwi ora gampang. Rabi sing mengkono mau ajiné ngungkuli mutiara.

11Wong wadon sing mengkono dadi andel-andelé sing lanang, sing lanang bakal ora tumiba ing kemlaratan.

12Sajegé urip gawé becik marang sing lanang, ora tau natoni atiné.

13Rabi mau sregep ngantih wulu wedhus gèmbèl lan serat rami, katenun kagawé sandhangan léna alus.

14Wong mau padha kaya prau sing lelayaran menyang negara adoh, bali nggawa pangan.

15Saben ésuk sadurungé byar wis tangi masak pangan kanggo brayaté, lan ngedum pegawéan marang para réwangé.

16Wong mau golèk palemahan sing disenengi, banjur dituku lan ditanduri anggur; ragadé dibayar saka olèh-olèhané gawéané tangané.

17Wong mau ora nampik gawéan, rosa, sregep lan trampil.

18Ngerti yèn paéguhé mau nekakaké kauntungan, wong mau enggoné nyambut-gawé nganti wengi.

19Sandhangané ditenun saka benang olèhé ngantih dhéwé.

20Loma marang wong miskin lan demen tetulung marang wong sing butuh pitulungan.

21Senajan mangsa adhem, ora bingung, jalaran brayaté padha nganggo klambi anget kabèh.

22Peturoné dislèmèki babut lan sandhangané saka léna alus wungu.

23Sing lanang jenengé kesuwur, dadi salah sawijiné pemimpin ing panggonan kono.

24Wong wadon mau nggawèni sandhangan lan sabuk diedol marang para sudagar.

25Gedhé kawibawané lan kajèn-kéringan, ora samar ngadhepi dina mbésuk.

26Tembungé merak ati lan kebak kawicaksanan.

27Wongé ora tau lèrèn, tansah sibuk ngurusi kebutuhané brayaté.

28Anak-anaké padha ngajèni lan bojoné ora entèk-entèk pengalemé marang wong mau.

29Tembungé, "Akèh wong wadon sing becik, nanging kowé kuwi meksa sing becik dhéwé ing antarané wong kabèh mau."

30Éndahing pawakan lan ayuné rupa bakal ilang, nanging wong wadon sing ngabekti marang Allah bakal kaalembana.

31Wong sing mengkono mau wajib olèh hasiling panyambut-gawéné lan pantes diurmati déning saben wong.



 <<  Amsal 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel