Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 6 >> 

1Hé anakku! Apa kowé janji nanggung utangé wong liya?

2Apa kowé kecancang karo tembungmu dhéwé, kejiret déning janjimu dhéwé?

3Yèn mengkono, hé anakku, kowé dicengkerem déning wong mau. Carané luwar saka wong mau mengkéné: énggal paranana, njaluka diluwari saka janjimu.

4Aja mikir ngaso utawa turu dhisik.

5Luwarana awakmu kaya manuk utawa kidang lepas saka wong sing mbebedhag.

6Wong kesèd mono becik yèn uripé niru semut.

7Semut kuwi ora duwé pemimpin, penggedhé utawa pangrèh.

8Nanging ing mangsa panas padha nandho pangan kanggo mangsa bedhidhing.

9Nganti pira lawasé wong kesèd lèyèh-lèyèh ing peturon? Kapan olèhé arep tangi?

10"Olèhku turu lagi sedhéla," kandhané, "Aku taksedhakep sedhéla engkas."

11Nanging sajroné turu ketekan kemiskinan kaya rampog nggawa gegaman.

12Wong sing lakuné ala kuwi mrana-mréné nyebar tembung goroh.

13Mripaté kedhap-kedhèp lan awèh sasmita kanggo njorogaké kowé,

14karo ngrancang piala sing arep ditindakaké. Maksudé gawé rerusuh saenggon-enggon.

15Merga penggawéné mau, wong kuwi bakal ketekan bilai dadakan, dadi lan remuké tanpa kena dipulihaké menèh.

16(6:16-19) Ana pitung prekara sing disengiti déning Allah lan ora dadi renaning penggalihé, yakuwi: Watak sing angkuh, ilat cidra, tangan sing ngwutahaké getihé wong sing ora salah, ati sing ngenam-enam penggawé ala, sikil sing agé-agé marani piala, paseksi goroh marambah-rambah, wong sing dhemen ngedu wong sasedulur utawa mitra karo mitra.

17(6:16)

18(6:16)

19(6:16)

20Hé anakku, dhawuhé bapakmu iki èstokna, lan aja nglirwakaké pituturé ibumu.

21Tembungé tansah catheten ing atimu.

22Pitutur mau karebèn nuntun lakumu sajroné kowé lelungan, njaga kowé ing wayah bengi, lan naséhati kowé ing wayah awan.

23Pituturé mau minangka pepadhang. Piwelèhé minangka piwulang.

24Bisa ngedohaké kowé saka wong wadon ala, lan saka pambujuké bojoné liyan.

25Aja kena digodha déning ayuné rupa; utawa kejiret déning kedhèping mripaté.

26Sundel cukup dibayar saregané roti siji, nanging bojoné liyan njaluk bayaran apa saduwèké sing diajak laku ngiwa mau.

27Wong sing nggémbol geni apa ora mesthi kobong sandhangané?

28Wong sing ngidak mawa apa sikilé ora mlenthung?

29Ora béda karo wong sing turu karo bojoné liyan. Sapa sing nglakoni mengkono bakal sangsara uripé.

30Maling kuwi ora diisin-isin yèn enggoné nyolong mung kanggo ngisèni wetengé merga keluwèn.

31Éwadéné bareng kecekel, apa sing dicolong mesthi kudu dilironi tikel pitu, apa saisiné omahé ditombokaké kabèh.

32Sing sapa mbédhang wong wadon kuwi tanpa budi, ngrusak nyawané dhéwé.

33Sing sapa nglakoni mengkono, olèh-olèhané siksa lan wirang; kanisthané bakal ora diilangi.

34Ora ana prekara sing gawé panasing atiné wong lanang kejaba cemburu. Pemalesé ora kena dialang-alangi.

35Ora bakal gelem dilironi dhuwit; dhuwit pira waé ora bakal cukup kanggo ngendhakaké nepsuné.



 <<  Amsal 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel