Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 10 >> 

1(10:1-2) Aku wis bosen urip. Mulané aku arep ngudhal pait-getiring lelakonku. Mulané aku arep matur, "Dhuh Allah, sampun ngantos nglepataken kawula. Paduka mugi kersa nerangaken, kénging menapa kawula Paduka lawan.

2(10:1)

3Paduka angsal menapa menawi kawula Paduka tindhes kados mekaten, sarta mbucal pakaryaning asta Paduka piyambak? Paduka angsal menapa menawi ngrojongi gagasan lan rancangané tiyang-tiyang durjana?

4Kersa Paduka mboten sami kaliyan kajengipun manungsa,

5lan yuswa Paduka mboten celak kados umuripun manungsa.

6Menawi mekaten, kénging menapa Paduka nliti dosa kawula? Kénging menapa kalepatan kawula Paduka padosi?

7Sejatosipun Paduka pirsa lan yakin, bilih kawula leres, mboten lepat. Lan mboten wonten tiyang setunggal kémawon ingkang saged ngluwari kawula saking asta Paduka.

8Asta Paduka piyambak ingkang nitahaken kawula, menapa samenika badhé Paduka tumpes?

9Kawula aturi ngèngeti, bilih kawula Paduka damel saking lempung, menapa samenika badhé Paduka wangsulaken dados lebu?

10Bapak kawula Paduka kersakaken dados lantaraning lair kawula, lan kawula Paduka rimati ing kandhutanipun ibu kawula.

11Badan kawula Paduka damel saking balung lan otot. Balung kawula Paduka paringi daging lan kabuntel ing kulit.

12Kawula Paduka paringi gesang; kawula Paduka tresnani. Nyawa kawula Paduka reksa lan paduka rimati.

13Nanging samenika kawula mangertos, bilih kalayan sesidheman Paduka badhé ngrisak kawula.

14Paduka mugi mirsani menapa kawula damel dosa, supados kawula Paduka tampik samangsa nyuwun pangapunten?

15Saupami kawula damel dosa, mesthi kawula manggih cilaka. Nanging menawi kawula tanpa cacad, inggih meksa dipun anggep damel dosa! Kawula ngantos mboten wani ndhangakaken sirah kawula, awit saking sedhih lan nlangsa.

16Saupami ta kawula ndhangak, senajan mboten sepintena, Paduka mesthi mbujeng kawula kados singa. Paduka lajeng ngetingalaken pangwaos Paduka, kanggé damel cilaka kawula.

17Paduka tansah ngajengaken seksi ingkang nglawan dhateng kawula, lan paukuman Paduka dhateng kawula saya wewah. Saya kathah bala énggal, ingkang Paduka dhatengaken, kanggé nyerang kawula.

18Kénging menapa kawula Paduka kersakaken lair ing donya? Langkung saé saupami kawula pejah sadèrèngipun kasumerepan ing tiyang.

19Supados kados-kados kawula dèrèng naté lair, sebab medal saking wetengan terus mlebet ing kuburan.

20Sekedhap malih kawula badhé pejah. Mila mugi kauwalna saking asta Paduka, supados kawula ngraosaken bingah salebeting nelasaken umur kawula.

21Sekedhap malih kawula badhé bidhal lan mboten wangsul malih. Késah dhateng negari ingkang peteng lan surem sanget.

22Negari ingkang lelimengan, kebak ayang-ayangan lan reresah; wonten ing ngriku pepadhang sami kaliyan pepeteng."



 <<  Ayub 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel