Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 12 >> 

1(12:1-2) Ayub: Pancèn, kowé kuwi makili manungsa kabèh; yèn kowé mati, kawicaksanané iya bakal mati.

2(12:1)

3Aku iya manungsa sing duwé budi; kabèh sing kokkandhakaké kuwi aku wis ngerti. Tur, endi wong sing ora ngerti bab kuwi kabèh? Mulané, aja ngira yèn kowé kuwi ngungkuli aku.

4Aku digeguyu déning kanca lan mitraku, mangka sejatiné aku sing bener lan tanpa cacad. Biyèn Allah miyarsakaké pandongaku, samasa aku sesambat nyuwun pitulungané.

5Kowé ngina marang aku, sebab uripmu kepénak. Wong sing keplèsèt malah kokgebug.

6Nanging wong ngrampog uripé tentrem. Wong sing wani nantang marang Allah, uripé kepénak. Sing dianggep allah yakuwi, mung kekuwatané dhéwé.

7Takona karo manuk lan kéwan, kowé bakal olèh piwulang.

8Takona karo iwak lan thethukulan, kowé bakal nampa ketrangan.

9Sapa ing antarané titah mau sing ora ngerti, yèn sing nitahaké kuwi kabèh Allah piyambak?

10Panjenengané kang ngatur sakèhé tumitah, lan kwasa ing ngatasé nyawané manungsa siji-sijiné.

11Kaya déné ilatku karem marang pangan sing mirasa, mengkono uga kupingku seneng ngrungokaké tembungé wong.

12(12:12-13) Jaréné, wong sing wis akèh umuré kuwi wicaksana. Nanging kawicaksanan lan pangwasa kuwi mung Allah sing kagungan. Jaréné wong sing wis akèh umuré mau kadunungan pangertèn, nanging pangertèn lan wewenang kuwi iya mung Allah sing kagungan.

13(12:12)

14Apa sing dirubuhaké déning Panjenengané, ora bisa dibangun menèh. Sing sapa ditawan ora bakal kena diluwari menèh.

15Yèn Panjenengané nahan tekané udan, kabèh dadi garing lan cengkar. Yèn banyuné dijaraké, tanah kabèh kebanjiran.

16Allah kuwi sekti lan tansah unggul! Sing ngapusi lan sing kapusan, Panjenengané kang mengkoni.

17Panjenengané kang njabel pangwasa. Para pemimpin didadèkaké tontonan.

18Para raja didhunaké saka dhamparé lan didadèkaké tawanan.

19Para imam lan para pemimpin diasoraké.

20Wong sing kena diprecaya dibungkem cangkemé. Kawicaksanané wong tuwa dijabel.

21Para pangwasa digawé kisinan, para penggedhé padha dilèrèni.

22Panggonan sing peteng digawé padhang. Kuburané wong mati dipadhangi.

23Bangsa-bangsa didadèkaké mekar lan dadi makmur, nanging banjur dilebur nganti sirna.

24Para pemimpiné digawé pikun, nganti padha nglembara ing ara-ara samun tanpa tujuan.

25Padha mak-makan ing petengan, lan sempoyongan lakuné kaya wong mendem.



 <<  Ayub 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel