Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 13 >> 

1Kuwi kabèh wis daksipati dhéwé, mulané aku ngerti temenan.

2Apa sing kokngertèni, aku ya ngerti. Aja kokkira aku kalah karo kowé.

3Nanging aku arep matur marang Kang Mahakwasa. Aku kepéngin mbéla prekaramu ing ngarsané.

4Sebab kowé nutupi enggonmu bodho srana ngapusi. Ora béda karo dhokter-dhokter palsu.

5Saupama kowé ora caturan, bisa uga kowé dianggep wicaksana.

6Mulané rungokna kandhaku, titènana wangsulanku.

7Apa kowé olèh ngapusi kanggo kepentingané Allah. Apa kowé kena goroh kanggo mbélani prekarané?

8Apa kowé olèh makili Allah lan ngéloni Panjenengané srana bebantahan?

9Yèn kowé dititi-priksa déning Allah, apa asilé mesthi becik? Apa kowé bisa ngapusi Allah kaya yèn kowé ngapusi manungsa?

10Yèn kowé meneng-meneng ngéloni, kowé bakal diukum déning Allah lan ditampik.

11Apa kaluhurané Allah ora gawé girisé nyawamu? Lan kasektèné apa ora njalari kowé wedi?

12Gunemmu kuwi tanpa guna; wangsulanmu kaya lemah lempung sing gampang ajur.

13Mulané menenga waé, aku sing guneman. Aku ora mreduli apa kawusanané!

14Aku wis siaga ngetohaké nyawaku!

15Aku wis nékad, merga wis semplah atiku. Saupama Allah arep matèni aku, aku pasrah. Nanging aku arep mbéla penggawéku ana ing ngarsané.

16Bisa uga kekendelanku iki nylametaké aku, merga wong ala ora bakal wani sowan ing ngarsané Allah.

17Saiki rungokna tembungku, titènana ketranganku.

18Aku wis siaga ngajokaké prekaraku; aku yakin yèn aku bener.

19Dhuh Allah, menawi Paduka rawuh nggugat dhateng kawula, kawula badhé mèndel, nengga ajal kawula.

20Nanging panyuwun kawula kalih prekawis menika mugi Paduka jurungi, supados kawula wani sowan malih.

21Panyiksa Paduka mugi Paduka kèndeli, lan sampun ngantos kawula kadamel giris mergi kasektèn Paduka!

22Kawula aturi ngandika, kawula badhé nyaosi wangsulan. Utawi kawula ingkang matur, lajeng kersaa Paduka paring wangsulan.

23Dosa lan kalepatan menapa kémawon ingkang kawula lampahi? Lan sedaya panerak kawula mugi Paduka ngandikakaken!

24Kénging menapa Paduka nyingkiri kawula? Kénging menapa kawula Paduka anggep mengsah?

25Kawula rak namung ron garing ingkang dhawah kabur kanginan, kénging menapa kawula Paduka ancam? Kawula rak namung damèn garing, kénging menapa Paduka oyak-oyak?

26Paduka njalari kawula ngalami nasib awon, kalepatan-kalepatan kawula nalika taksih laré Paduka wales.

27Suku kawula Paduka ranté srana tosan; sapolah-tingkah kawula Paduka pirsani. Dumugi tlapakané suku kawula mboten oncat saking paningal Paduka.

28Pramila kawula lajeng dados kajeng gapuk, kados sinjang ingkang katedha ing renget.



 <<  Ayub 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel