Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 16 >> 

1(16:1-2) Ayub: Aku wis kerep krungu panemu sing mengkono kuwi; panglipurmu mung wujud panyiksa tumraping aku.

2(16:1)

3Mbésuk kapan enggonmu lèrèn kandha ngawur mengkono kuwi? Apa sing njalari kowé awèh wangsulan kaya mengkono?

4Saupama kowé ngalami kaya aku, lan aku kaya kowé, aku iya bisa kandha kaya kowé mengkono. Kowé bakal dakwelek piwelèh sing akèh-akèh; lan aku iya bakal gèdhèg-gèdhèg.

5Aku iya bakal nguwataké atimu srana pamrayoga-pamrayoga; aku iya bakal nglipur kowé srana lambéku.

6Yèn aku caturan, ora ana gunané, lan yèn aku meneng waé, kasangsaranku ora suda.

7Aku wis digawé kesayahen déning Allah, brayatku wis ditumpes kabèh.

8Panjenengané wis nglawan aku lan aku didadèkaké tawanané. Saiki awakku kuru, garing lan lumrahé wong ngarani yèn kuwi buktiné enggonku wis gawé dosa.

9Paukumané Allah presasat nyengkerem aku, merga saka dukané.

10Wong-wong padha moyoki aku, aku dièncepi; aku dikroyok lan pipiku ditapuki.

11Allah masrahaké aku marang wong duraka; aku diulungaké ing tangané wong ala.

12Biyèn uripku tentrem lan ayem, nanging aku diserang dadakan déning Allah. Githokku dicekel lan aku dibanting ing lemah; aku didadèkaké sasaran panahé.

13Aku dipanah ora kendhat-kendhat, tanpa welas, nganti jeroanku metu kabèh.

14Panjenengané nyerang aku kaya wong perang, lan bola-bali milara aku.

15Aku nganggo sandhangan bagor merga saka prihatinku, lan nglésod ing awu merga dibanting déning Panjenengané.

16Enggonku nangis nganti raiku abang mbranang, tlapukané mripatku nganti pendul lan biru.

17Nanging aku ora tau meksa, lan pandongaku marang Pangéran klawan terusing ati.

18Dhuh bumi, aja nutupi piala sing ditindakaké marang aku. Lan aja nasabi getihku, pesambatku njaluk kaadilan aja disidhem.

19Aku ngerti yèn sing mbélani aku ana ing swarga; Panjenengané sing neksèni yèn aku ora gawé dosa.

20Aku dipoyoki lan digeguyu déning kanca-kancaku; karo nangis enggonku sowan marang Allah nyuwun pitulungané.

21O mbokiya Allah piyambak sing mbélani aku ana ing ngarsané; kaya wong sing rila mbélani mitrané.

22Uripku wis ora suwé menèh, sedhéla engkas aku bakal mangkat lan ora bali menèh.



 <<  Ayub 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel