Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 18 >> 

1(18:1-2) Bildad: "Hé, Ayub, mbésuk kapan enggonmu meneng ora caturan? Menenga, saiki gentèn aku sing arep kandha.

2(18:1)

3Yagéné aku kokanggep bodho, lan kokpadhakaké sapi?

4Nepsumu mung gawé larané atimu dhéwé. Apa merga kepentinganmu bumi kudu dadi sepi, lan gunung-gunung dielih saka papané?

5Oncoré wong ala mesthi dipatèni; lan geniné ora bakal diurubaké menèh.

6Pepadhang ing kémahé bakal surem; lampuné gantung bakal ora murub menèh.

7Jangkahé bakal ora mantep, lakuné gloyoran, bakal kesandhung rancangané dhéwé.

8Lakuné ngambah ing jaring, mulané sikilé kesrimpung.

9Tungkaké klebu ing kala, temah wong mau kejiret.

10Ing lemah kena jiret sing kaling-kalingan; ing dalan, kena pasangan kala.

11Wong ala didingkik déning prekara sing nggegirisi, sing ngebyuki saka endi-endi, paukuman ngetutaké ing salaku-lakuné.

12Biyèn dhèwèké rosa, nanging saiki wetengé kaliren; mrana-mréné tansah ditutaké déning kasangsaran.

13Kulité kebak borok; tangan lan sikilé kebak wudun nanahen.

14Dhèwèké diglandhang saka kémahé, disèrèd ngadhep marang Ratuning Pati.

15Saiki sapa waé kena ngenggoni kémahé, lirang disebar kanggo nambani lelarané.

16Brayaté kaya oyod sing garing; anak-turuné kaya pang sing alum lan kisut.

17Wong ora tepung menèh karo dhèwèké, siji waé wis ora ana sing kèlingan jenengé wong sing ana ing kutha, utawa sing ana njabané.

18Dhèwèké disingkiraké saka papan sing padhang menyang papan sing peteng, ditundhung saka donyané wong urip.

19Tedhak-turuné wis cures; ing désané wis ora duwé sanak-sedulur.

20Krungu kaanané, wong sisih Kulon padha kagèt, lan wong sisih Wétan, saka wediné padha gemeter.

21Kaya mengkono kedadéané wong duraka, lan wong sing ora maèlu marang Allah."



 <<  Ayub 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel