Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 19 >> 

1(19:1-2) Ayub: Ayub mangsuli, "Yagéné aku tansah kokrèmèhaké, lan kokpilara srana tembung-tembungmu.

2(19:1)

3Bola-bali kowé gawé larané atiku, lan ora isin nganiaya aku.

4Saupama penggawéku ana salahé, aku rak ora gawé rugimu.

5Apa rumangsamu kowé luwih becik tinimbang aku; kasangsaranku kokenggo mbuktèkaké yèn aku wong dosa.

6Satemené aku lagi diperdi déning Allah, dijiret déning kala-jireté.

7Aku nolak merga ambek siyané, nanging ora ana wong sing nggatèkaké aku. Aku celuk-celuk njaluk kaadilan, nanging ora ana sing ngrungokaké aku.

8Dalanku dipepeti déning Allah nganti ora bisa liwat, dalanku digawé peteng ndhedhet.

9Bandhaku dirampas kabèh, jenengku dirusak.

10Aku dibedhol saka omahku kaya wit, banjur ditégakaké alum lan mati, nganti entèk pengarep-arepku.

11Dukané Allah marang aku ora karuwan, aku dianggep satruné.

12Tentarané nyerbu bebarengan, kémahku dikepung mubeng."

13Aku diedohaké saka sanak-sedulurku; nganti kenalanku padha ora tepung karo aku.

14Kula-wargaku padha nyingkiri aku; para mitraku padha lali karo aku.

15Wong sing tunggal saomah karo aku padha lali karo aku; baturku wadon padha pangling karo aku, bendarané, aku dianggep wong sing ora ditepungi.

16Baturku dakundang, nanging ora gelem semaur, senajan klawan tembung melas-asih.

17Bojoku mutah yèn mambu gandaku, sedulurku tunggal bapa-biyung ora sudi nyedhaki aku.

18Bocah-bocah ing dalan padha moyoki aku; yèn aku ngadeg, aku digeguyu.

19Mitraku kenthel jijik ndeleng aku; wong sing daktresnani padha ngungkuraké aku.

20Awakku kari balung karo kulit; sing isih mung kari gusiku.

21Hé para mitraku, padha melasana aku, sebab aku digebag déning astané Allah.

22Panjenengané terus metek aku; yagéné kowé mèlu-mèlu? Apa durung cukup enggonmu nyiksa aku?

23Muga tembungku ditulis, temah bakal selawasé ora dilalèkaké,

24ditulisa ing watu nganggo tatah, supaya ora sirna ing selawasé.

25Aku sumurup yèn Juru Slametku gesang; wekasané Panjenengané bakal wungu mitulungi aku.

26Senajan kulitku rusak banget, malah senajan tanpa daging pisan, aku bakal nyawang marang Allah.

27Panjenengané bakal daksawang nganggo mripatku dhéwé, lan aku ora bakal pangling karo Panjenengané. Aku semplah merga tembungmu,

28"Kepriyé patrapé nyiksa dhèwèké?" Kowé golèk dhadhakan kanggo nyerang aku.

29Nanging saiki, padha wedia karo pedhang! Sebab Allah duka lan ngukum marang dosa; mulané padha ngertia, yèn ana Allah sing ngadili manungsa.



 <<  Ayub 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel