Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 2 >> 

1Ing sawijining dina para putrané Allah padha sowan menèh marang Panjenengané. Iblis uga teka.

2Gusti Allah ndangu marang Iblis, "Kowé saka endi?" Wangsulané Iblis, "Saking mider-mider ndlajahi bumi."

3Pangéran ndangu menèh, "Apa kowé iya nggatèkaké karo abdi-Ku Ayub? Sajagad ora ana wong sing mursidé lan luhuring budiné kaya wong kuwi, tansah ngabekti marang Aku lan ora tau nindakaké piala. Enggoné ngabekti marang Aku isih tetep, senajan Aku wis kokajani gawé sengsarané tanpa alesan."

4Nanging Iblis mangsuli, "Nyawa lan kesarasan menika pengaosipun ngungkuli bandha. Manungsa rila nombokaken bandhanipun sedaya, waton saged tetep gesang!

5Cobi menawi badanipun Paduka damel sakit, piyambakipun mesthi badhé ngipat-ipati Paduka wonten ing ngarsa Paduka."

6Pangéran nuli ngandika marang Iblis, "Ya wis, Ayub arep kokkapakaké waé kena, angger aja kokpatèni."

7Iblis banjur mundur saka ngarsané Allah, lan Ayub banjur digawé lara korèngen saawak sekojur, wiwit saka tlapakan tekan mbun-mbunan.

8Ayub banjur lungguh nglésod ing sacedhaké pawuhan, lan njupuk beling kanggo ngukur awaké.

9Bojoné ngandhani mengkéné, "Panjenengan koktaksih ngabekti kémawon dhateng Allah. Mbok sampun, panjenengan tilar kémawon, lajeng séda!"

10Wangsulané Ayub, "Caturanmu kuwi kaya kandhané wong gemblung! Apa kita mung arep nampani peparingé Pangéran sing becik waé, lan nampik peparingé sing ala?" Dadiné senajan ngalami kasangsaran semono gedhéné, Ayub ora ngrèmèhaké marang Allah.

11Kecrita kasangsaran sing dialami déning Ayub keprungu déning mitrané telu, yakuwi Élifas, wong saka Téman, Bildad wong Suah lan Zofar wong Naamah. Telu-teluné padha sarujuk arep niliki Ayub.

12Nanging bareng weruh, saka kadohan, wong telu mau padha pangling, mula padha nangis ngglolo, padha nyuwèk penganggoné, sarta nyawuraké awu ana ing sirahé.

13Pitung dina pitung bengi wong telu mau padha nglésod ing lemah sandhingé Ayub, tanpa muni sakecap, merga padha mèlu ngrasakaké sepira aboting kasangsarané Ayub.



 <<  Ayub 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel