Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 20 >> 

1(20:1-2) Zofar: Hé Ayub, atiku ora kepénak ngrungokaké tembungmu, mulané aku arep énggal mangsuli.

2(20:1)

3Tembungmu kuwi satemené gawé wirang, mula arep dakwangsuli apa mesthiné.

4Apa kowé ora ngerti, yèn wiwit jaman kuna mula, wiwit manungsa dititahaké ing alam donya,

5kasenengané wong ala kuwi mung sedhéla, semono uga kabungahané wong duraka mung sakedhèp nétra.

6Senajan kaluhurané sundhul langit, lan sirahé tekan ing méga,

7nanging wong mau bakal lebur ing selawasé, musna saka jagad nganggo cara sing asor. Wong-wong sing tau tepung karo dhèwèké, bakal padha takon, "Wongé ana ing endi?"

8Wong mau ilangé kaya impèn, kaya rerupan sing katon ing wayah bengi.

9Ora katon ing mripat menèh; panggonané wis suwung.

10Apa sing biyèn dicolong saka wong miskin, anak-anaké sing kudu mbalèkaké.

11Senajan dhèwèké wong nom sing gagah prakosa, ora suwé menèh bakal bali dadi lebu.

12(20:12-13) Piala rasané legi ing ilaté! Arep diulu éman-éman. Banjur diemut ing ngisor ilaté, supaya suwé ngrasakaké énaké.

13(20:12)

14Nanging panganan mau ana ing weteng malih, dadi racun sing pait mbebayani.

15Barang colongan sing diulu, kepeksa dilepèh menèh; diwetokaké déning Allah saka wetengé.

16Wong ala kuwi presasat nesep racun, mulané bakal mati kaya dicokot ula mandi.

17Wong mau bakal ora weruh iliné lenga zaitun sing lubèr, utawa susu lan madu sing turah-turah.

18Bebathèné kudu dibalèkaké; ora bakal ngrasakaké asiling kangèlané.

19Sebab wis nindhes lan négakaké wong ora duwé; ngrampogi omah-omah sing ora dibangun dhéwé.

20Sarèhné mung kepéngin mangan, mulané ora tau krasa wareg.

21Apa sing dipangan dientèkaké kabèh, mula kasugihané ora langgeng.

22Bareng ketekan kabegjan, kasangsarané jumedhul.

23Nalika nedheng-nedhengé mangan, Allah rawuh karo duka bareng karo paukumané.

24Yèn wong mau ngéndhani pedhang waja, bakal ditatoni déning panah tembaga.

25Merga saka panah, temah ketaton; pucuké panah sing mengkilap nancep ing awaké, mula atiné ketaman giris.

26Raja-branané lebur kabèh. Wongé dhéwé lan brayaté, kobong ing geni sing ora disumed déning manungsa.

27Pialané kawiyak déning langit; bumi mèlu nglawan dhèwèké.

28Kasugihané bakal ludhes kabèh, déning mulad-mulading paukumané Allah.

29Kaya mengkono kaanané wong ala, sing dikersakaké déning Allah.



 <<  Ayub 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel