Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 21 >> 

1(21:1-2) Ayub: Rungokna tembungku, "Mung kuwi penjalukku.

2(21:1)

3Aku sabarana, supaya bisa nglairaké rasané atiku, sawisé kuwi terusna enggonmu memoyok!

4Enggonku sesambat ora marang manungsa, mulané karebèn aku kurang sabar.

5Delengen aku, kowé mesthi gumun, lan mbungkem lambé sarta nahan tanganmu.

6Yèn mikir kaananku iki, aku banjur gemeter merga giris.

7Yagéné wong ala diganjar umur dawa déning Pangéran, lan bandhané saya tambah akèh?

8Umuré dawa, temah bisa nyawang anak-putuné dadi wong diwasa.

9Brayaté padha tentrem tanpa kuwatir; padha ora ngalami kasangsaran saka Pangéran.

10Raja-kayané tangkar-tumangkar, enggoné manak gangsar.

11Anak-anaké wong ala padha seneng-seneng, kaya cempéné wedhus gèmbèl enggoné jingklak-jingklak.

12Padha ramé giyak-giyak enggoné menyanyi, diiringi terbang, suling lan kecapi.

13Sajegé uripé padha mukti, lan patiné kanthi tentrem ayem.

14Mangka wong-wong mau padha muni marang Allah, ‘Sampun celak-celak kaliyan kula. Nebihana kula! Kula mboten preduli lan mboten kepéngin mangertos kersanipun Pangéran ing ngatasing gesang kula!’

15Ujaré, ‘Ngabekti marang Allah kuwi apa gunané, lan nyenyuwun marang Panjenengané kuwi apa paédahé?

16Apa ora merga kekuwatan kita dhéwé, kita bisa nggayuh maksud lan tujuan kita?’ Nanging aku ora mengkono, pikiran lan panemu sing mengkono adoha saka aku.

17Oboré wong ala kerep dipatèni, kerep padha mikul kasangsaran. Kerep diganjar memala déning Allah merga saka dukané.

18Wong kuwi kaya dami kasebul déning angin lan mrambut kabur ing prahara.

19Kowé kandha, ‘Anak diukum déning Allah merga bapakné.’ Nanging aku kandha, ‘Sing diukum déning Allah kuwi wong dosa, supaya wong mau krasa yèn dhèwèké wis gawé dosa, mulané diukum déning Allah.

20Karebèn wong dosa mikul dosané dhéwé, karebèn ngrasakaké paukumané Allah sing mahaluhur.

21Yèn manungsa wis tekan ajalé, apa kober mikiraké kabegjané anaké?

22Apa manungsa bisa memulang marang Allah, sing ngadili manungsa ing akérat?’

23(21:23-24) Ana wong sing sajegé urip awaké seger; nuli mati sajroné isih kuwat.

24(21:23)

25Wong liyané mati merga ngenes, ora tau ngrasakaké kabegjan lan katentreman.

26Nanging loro-loroné padha bebarengan jèjèr ing kuburan, sekaroné dirubung sèt lan cacing.

27Pancèn aku ngerti apa sing lagi kokgagas lan sakèhé pialamu sing kokrancang.

28Kowé takon, ‘Ana ing endi omahé penggedhé sing gawéné tumindak ala?’

29Apa kowé durung nakoni wong sing padha nglembara? Apa kowé ora precaya karo kandhané wong-wong mau?

30Kandhané mengkéné, ‘Ing dinané Allah nekakaké paukuman,’ para wong ala padha dislametaké.

31Ora ana sing nggugat marang penggawéné; ora ana sing males pialané.

32Padha digawa menyang kuburan, dilebokaké ing jugangan; kuburé dijaga klawan ngati-ati.

33Éwon cacahé wong sing nguntapaké layoné; banjur kalayan kepénak diurugi lemah."

34Mulané kabèh panglipurmu mau mung presasat hawa, lan kandhamu kabèh mau apus-apusan.



 <<  Ayub 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel