Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 22 >> 

1(22:1-2) Élifas: Ing antarané manungsa sajagad, ora ana sing maédahi marang Allah. Senajan luhur budiné, manungsa mung kanggo awaké dhéwé.

2(22:1)

3Apa paédahé tumraping Allah, yèn kowé nglakoni kersané? Gunané apa kagem Allah, yèn uripmu sampurna?

4Ora merga enggonmu wedi marang Allah, kowé digugat lan dianggep salah,

5nanging merga saka akèhé dosamu, lan kelakuan ala sing koktindakaké.

6Yèn sedulurmu ora bisa nyaur utangé, sandhangané kokrampas kabèh.

7Wong ngelak ora kokwènèhi ngombé, sing kaliren ora kokwènèhi mangan.

8Pangkatmu lan pangwasamu kokenggo ngrampas lemahé wong kabèh.

9Para randha ora koktulungi, malah bocah lola kokaniaya.

10Mulané ing kiwa-tengenmu akèh kala-jiret, lan ora kenyana-nyana atimu dadi giris.

11Pepeteng nutupi pandelengmu nganti kowé ora weruh; kowé kleleb ing banjir bandhang sing hébat.

12Apa Gusti Allah ora dedalem ing swarga kang luhur, sarta mirsani mengisor marang lintang-lintang sing dhuwur dhéwé?

13Nanging kowé takon, "Panjenengané pirsa apa? Panjenengané kaling-kalingan méga lan ora bisa ngadili kita."

14Apa rumangsamu pamirsané ketutupan ing méga, nalika tindak miyos ing watesé langit lan bumi?

15Apa kowé tetep arep ngambah dalan sing diambah déning wong duraka?

16Nyawané dipecat sadurungé tekan wektuné mati, kéntir ing banjir bandhang sing nekani.

17Mengkono kuwi kaanané wong sing wani nampik marang Allah, lan ngira yèn Allah ora bisa males apa-apa.

18Mangka sing ndadèkaké wong-wong mau sugih, kuwi Allah piyambak! Aku satemené ora ngerti pikirané wong ala.

19Wong sing becik lakuné bakal gumuyu lega, yèn weruh wong ala tampa paukuman.

20Barang darbèké wong ala lebur sirna, sisané entèk diobong ing geni.

21Saiki, Ayub, rukuna menèh karo Allah, supaya atimu tentrem. Yèn kuwi koklakoni, kowé mesthi ora bakal tuna.

22Pitedahé Allah tampanana, simpenen ing atimu.

23Mratobata marang Allah karo ngasoraké atimu, lèrèna gawé piala ing omahmu.

24Emasmu sing aji dhéwé buwangen, uncalna ing dhasaring kali mati.

25Sing Mahakwasa kuwi dadia emasmu, lan slakamu sing pengaji.

26Mulané kowé bakal tansah precaya marang Allah, lan ngerti yèn Panjenengané kuwi sumbering kabegjanmu.

27Yèn kowé ndedonga, Panjenengané bakal paring wangsulan, lan kowé kudu netepi sakèhé janjimu.

28Pangudimu bakal olèh gawé, lan dalanmu bakal tansah kepadhangan.

29Wong angkuh bakal diasoraké déning Allah, nanging wong andhap-asor bakal dislametaké.

30Yèn kowé ora salah, Allah bakal mitulungi kowé, semono mau yèn kowé nglakoni kersané.



 <<  Ayub 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel