Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 26 >> 

1(26:1-2) Ayub: Apa kokkira kowé bisa awèh pitulungan marang aku, wong sèkèng lan kesayahen!

2(26:1)

3Becik temen rembugmu lan piwulang sing kokwènèhaké marang wong bodho kaya aku iki.

4Sapa sing arep ngrungokaké tembung-tembungmu kabèh mau? Sapa sing mulang kowé kandha kaya mengkono? Bildad:

5Wong-wong sing wis mati padha gemeter ing ngarsané Allah; mengkono uga banyu lan apa waé sing ana ing njeroné.

6Ana ing ngarsané Allah donyané wong mati ora ketutupan, nanging bukaken nganti bisa kapirsanan.

7Allah menthèng langit ing sisih Lor lan bumi digantung tanpa canthèlan.

8Banyu dibuntel ana ing méga, éwasemono mégané ora suwèk.

9Éndahing pangwasané didhelikaké srana kabuntel ing méga.

10Lumahing segara wis diwatesi kanggo misahaké padhang lan peteng.

11Yèn Panjenengané duka lan ngandika sora, cagak-cagak sing nyangga langit padha gemeter.

12Samudra ditelukaké déning kwasané, rahab diremuk déning kawicaksanané.

13Srana napasé langit kagawé terang, naga sing arep ucul dipatèni déning astané.

14Nanging kabèh mau mung pretandhaning kwasané; sebawaning swara lirih sing keprungu ing kuping kita. Iba cethèké kawruh kita bab Allah lan kaluhurané.



 <<  Ayub 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel