Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 29 >> 

1Saterusé Ayub muni mengkéné, Ayub:

2"Sukur menawa aku bisa ngalami urip kaya biyèn, nalika semono aku diayomi déning Allah.

3Aku tansah dipitulungi, nalika mlaku ing petengan dalanku dipadhangi.

4Kuwi dina-dinaku sing begja dhéwé, nalika omahku direksa merga enggonku memitran karo Allah.

5Nalika semono sing Mahakwasa ana ing sisihku, lan aku dirubung déning anak-anakku.

6Raja-kayaku metokaké susu lubèr-lubèr, wit zaitunku metokaké lenga akèh, senajan ditandur ing lemah kebak watu.

7Menawa para pinituwa padha lungguh bebarengan, lan aku lungguh ing antarané;

8wong nom-noman padha sumingkir, samangsa weruh aku ana ing kono. Uga wong tuwa-tuwa padha ngadeg klawan kurmat; saprelu awèh pakurmatan.

9Para penggedhé padha mandheg enggoné caturan,

10para luhur ora padha ngandikan.

11Kabèh wong padha gumun krungu crita bab aku; sapa sing weruh aku, ngalem marang jasaku.

12Sebab wong miskin sing butuh pitulungan daktulungi; bocah lola sing kapiran dakopèni.

13Wong sing sangsara padha ngalembana marang aku, para randha daktulungi, mula padha tentrem.

14Aku tumindak jujur tanpa cacad; kaadilan selawasé dakjejegaké.

15Tumraping wong wuta aku dadi mripaté, tumraping wong lumpuh aku dadi sikilé.

16Tumraping wong miskin aku dadi bapakné, tumraping wong manca aku dadi pembélané.

17Nanging pangwasané wong ambek siya dakremuk, sing dianiaya dakpitulungi.

18Sing daksuwun muga aku kaparingan umur dawa, lan mati ing omahku klawan mareming ati.

19Uripku kaya wit sing tuwuh subur, oyodé nancep ing banyu lan pang-pangé ditelesi déning ebun.

20Wong kabèh padha ngalem marang aku, kawibawanku ora tau suda.

21Yèn aku ngandhani, wong kabèh padha meneng, tembungku dirungokaké temenan.

22Sawisé aku rampung enggonku guneman, ora ana menèh sing prelu ditambahaké. Tembungku rumesep kaya tumètèsé banyu udan.

23Tembung-tembungku ditampa kanthi bungah, kaya wong tani nampani tekané udan ing mangsa rendheng.

24Aku mèsem samangsa wong-wong mau padha semplah atiné, padha daksabari menawa kurang pengandelé.

25Aku dadi pemimpiné, sing mutus prekarané. Aku dadi pengiridé kaya raja ing satengahing tentarané, lan padha daklipur ing sajroning kasusahané."



 <<  Ayub 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel