Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 32 >> 

1Ayub yakin banget yèn awaké dhéwé bener, mulané mitra telu-teluné padha ora gelem mangsuli menèh.

2Nanging ing kono ana wong jeneng Élihu bin Berakèl, turuné Bus, kaum Ram. Élihu ora bisa ngampet nepsuné, merga Ayub mbeneraké awaké dhéwé lan nyalahaké Allah.

3Uga nepsu karo mitrané Ayub telu-teluné, merga padha ora bisa madoni tembungé Ayub, senajan padha nyalahaké dhèwèké.

4Élihu kuwi wong sing nom dhéwé ing antarané wong-wong mau, mulané ngentèni nganti liya-liyané wis padha nglairaké panemuné.

5Bareng weruh yèn wong telu mau ora bisa mangsuli, Élihu karo nepsu,

6muni mengkéné, "Aku iki isih nom ketimbang kowé kabèh, mulané aku pekéwuh nglairaké panemuku.

7Osiké atiku, kowé sing wis padha akèh umuré waé sing kandha, tur sing luwih tuwa kudu nglubèraké kawicaksanané.

8Nanging sing paring kawicaksanan marang manungsa, mung Rohé Allah Kang Mahakwasa.

9Wong dadi wicaksana ora merga akèh umuré; wong ngerti marang bebeneran ora merga tuwané.

10Mulané rungokna tembungku; aku idinana nglairaké panemuku.

11Klawan sabar aku ngrungokaké enggonmu padha rembugan, lan ngentèni sajroné kowé padha golèk tembung sing wicaksana.

12Dakgatèkaké temenan, mula krungu enggonmu ora olèh gawé. Kowé ora bisa mbuktèkaké endi tembungé Ayub sing salah.

13Kepriyé kowé kokbisa kandha, yèn kowé duwé kawicaksanan? Mulané kowé satemené wis kalah. Sing bisa paring wangsulan marang Ayub mung Gusti Allah.

14Ayub guneman karo kowé, ora karo aku, nanging aku ora arep mangsuli kaya caramu.

15Kowé kabèh ora bisa mangsuli; ora ngerti apa sing kudu kokkandhakaké.

16Kowé mung padha ngadeg blangkemen. Apa aku mung kudu ngentèni enggonmu wis ora bisa guneman?

17Ora! Saiki aku dakkandha; panemuku arep dakwedharaké.

18Aku wis ora sabar ngentèni, tembungku ora kena dakampet.

19Yèn aku meneng waé, aku bisa mbledhos, kaya impes sing kebak anggur anyar.

20Aku kudu kandha supaya atiku lega; aku kudu guneman lan awèh wangsulan.

21Aku ora arep ngiloni sapa-sapa, lan iya ora ana sing dakalembana.

22Patrapé ngalem waé aku ora ngerti, lan saupama aku nindakaké mengkono, aku diukuma déning Allah.



 <<  Ayub 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel