Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 33 >> 

1"Saiki Ayub, rungokna temenan tembungku iki.

2Aku wis tata-tata arep kandha.

3Kandhaku kanthi tulusing ati; aku arep kandha sing sabeneré.

4Rohé Allah wis nitahaké aku lan paring urip marang aku.

5Saiki, wangsulana yèn kowé bisa, sing ngiloni kowé iku sapa?

6Tumraping Allah, kowé lan aku ora ana bédané, kita kabèh digawé saka lempung.

7Dadi kowé ora susah wedi karo aku; aku ora duwé niat ngalahaké kowé.

8Aku wis krungu tembungmu, lan aku ngerti karepmu.

9Kowé kandha, ‘Aku ora duwé keluputan. Aku tanpa cacad lan ora nglanggar dhawuh.

10Nanging Allah pados dhadhakan kanggo nglawan aku, pendamelé marang aku kaya marang mungsuh.

11Sikilku diranté; lan solah-tingkahku diulataké.’

12Hé Ayub, panemumu sing mengkono kuwi klèru! Gusti Allah kuwi luwih luhur tinimbang manungsa.

13Yagéné kowé ndakwa marang Allah, yèn Panjenengané ora menggalih marang pesambaté manungsa.

14Senajan Pangéran ngandika nganggo cara werna-werna, siji waé ora ana sing nggatèkaké pangandikané.

15Sajroné manungsa turu ing wayah bengi, Pangéran ngandika ing impèn lan wahyu.

16Allah dhawuh supaya wong-wong mau padha ngrungokaké, lan nggatèkaké pepélingé.

17Kersané supaya wong-wong mau padha marèni enggoné gawé dosa, lan ora padha gumunggung.

18Supaya ora mbalèni karusakan; lan dibébasaké saka pati.

19Gusti Allah melèhaké wong nganggo nekakaké lelara, nganti awaké lara kabèh.

20Wongé ora doyan mangan, pangan sing dikaremi diemohi.

21Awaké kuru aking, balung-balungé katon kabèh.

22Saiki dhèwèké wis mèh mulih menyang akérat, wis cedhak karo donyané wong mati.

23Bisa uga ana siji ing antarané Malaékaté Allah sing maèwu-èwu, teka ngélingaké manungsa marang tugasé, awit arep mitulungi dhèwèké.

24Allah bakal ngasihi wong mau, karo ngandika marang malaékaté, ‘Bébasna, aja nganti wong kuwi marani alamé wong mati, dhuwit tebusané wis Daktampani.’

25Awaké wong mau bakal bali dadi gagah prakosa, seger kaya nonoman.

26Yèn ndedonga, Allah bakal paring wangsulan, wong mau bakal ngabekti klawan bungah lan Allah bakal mulihaké kaanané.

27Ing ngarepé wong akèh, wong mau bakal awèh paseksi, ‘Dosaku akèh, sing ala dakanggep becik, nanging Allah ora ngukum aku.’

28Aku ditahan déning Allah medhun ing alamé wong mati, mula aku urip tekan sepréné.

29Wis bola-bali Allah nindakaké mengkono kuwi,

30kersané supaya manungsa slameta lan nampa kabegjan sajegé uripé.

31Mulané, Ayub, rungokna lan kupingmu tilingna, menenga, aku sing caturan.

32Nanging yèn ana sing arep kokkandhakaké, kandhakna! Yèn kowé sing bener, aku bisa nampa.

33Nanging yèn ora, menenga lan rungokna tembungku; aku arep mulang bab kawicaksanan marang kowé.



 <<  Ayub 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel