Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 35 >> 

1(35:1-2) Ayub, kowé klèru yèn ngira awakmu resik ana ing ngarsané Allah.

2(35:1)

3Kowé kesasar yèn takon, ‘Yèn aku nglakoni sing bener, paédahé apa kanggoné Allah lan yèn aku nglakoni dosa, Gusti Allah ruginé apa?’

4Aku sing arep mangsuli pitakonmu lan pitakoné kanca-kanca iki.

5Ndelenga langit lan tamatna sepira dhuwuré méga-mégané.

6Yèn kowé gawé dosa, Gusti Allah ora rugi; yèn kaluputanmu akèh, uga ora ndayani apa-apa marang Panjenengané.

7Srana nglakoni kabecikan, kowé ora mbiyantu apa-apa marang Allah. Kuwi temenan, Panjenengané ora ngersakaké apa-apa saka kowé.

8Sing nyangga wohé dosa-dosamu kuwi wong-wong pepadhamu. Iya wong-wong kuwi sing ngrasakaké kepénaké kabecikanmu.

9Wong-wong sing ditindhes padha ngadhuh-adhuh; padha bengok-bengok njaluk pitulungan.

10Sesambaté mau ora marang Allah, kang nitahaké dhèwèké, sing paring panglipur ing mangsa kesusahan.

11Manungsa diparingi akal-budi déning Allah, ngungkuli manuk lan kéwan ing bumi.

12Wong sing tinindhes padha sesambat, nanging Allah mèndel waé, merga wong-wong mau ala lan angkuh banget.

13Tanpa guna enggoné padha bengok-bengok sarosané, sing Mahakwasa ora mirsani utawa miyarsakaké.

14Ayub, luwih menèh yèn kowé kandha, ora weruh Panjenengané, mangka prekaramu wis kokaturaké, sarta saiki ngentèn-entèni wangsulané.

15Apa rumangsamu Gusti Allah ora paring paukuman lan ora menggalih marang kaluputan?

16Tanpa guna nerus-nerusaké kandhamu, wis cetha, yèn kowé kuwi ora ngerti apa sing kokcritakaké.



 <<  Ayub 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel