Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 37 >> 

1Prahara kuwi gawé geteré atiku lan marakaké jantungku dheg-dhegan.

2Hé wong kabèh, rungokna swarané Allah, rungokna gludhug sing metu saka tutuké.

3Kilat disebar ing akasa, bledhèg diutus menyang pojok-pojoké bumi.

4Banjur kairing déning swara gemleger, yakuwi swarané bledhèg lan gludhug. Ing satengahé swara sing gemleger mau, thathit lan kilat samber-samberan.

5Merga saka dhawuhé Allah, klakon ana mujijat, lan prekara-prekara élok, sing ora kita pahami.

6Iya saka dhawuhé, salju tiba ing bumi; lan udan deres tiba saka kersané.

7Manungsa padha lèrèn nyambut-gawé, supaya ngerti yèn Panjenengané lagi makarya.

8Kéwan galak padha mlebu ing rong lan guwa-guwa, lan ora metu saka panggonané.

9Angin lésus teka saka Kidul, lan hawa adhem teka saka Lor.

10Napasé Allah njalari salumahé banyu dadi kenthel, diwalik dadi ès sing atos.

11Méga dimomoti banyu, méga kanggo srana mancaraké kilat.

12Sumebar ngebaki jagad, atas dhawuhé Allah, rata tekan endi-endi.

13Allah paring udan kanggo nelesi bumi; lan iya kanggo ngukum manungsa, kanggo nedahaké sepira gedhéné, sihé sing ora owah-gingsir ing selawas-lawasé.

14Menenga dhisik Ayub, lan ngrungokna; rasak-rasakna kaélokan-kaélokané Allah.

15Apa kowé ngerti carané Gusti Allah paring dhawuh-dhawuh, mula kilat cumlèrèt saka mendhung lan méga.

16Apa kowé ngerti carané méga kéntir ing angin, apa kuwi ora nélakaké kawelasané Allah kang élok?

17Ora, merga bisamu mung sesambat kepanasen, samangsa bumi katempuh déning angin saka Kidul.

18Apa kowé bisa kaya Allah, njèrèng cakrawala, digawé atos kaya wesi cor utawa kaca?

19Aku kandhanana apa sing kudu dakaturaké marang Allah; aku ora bisa awèh ketrangan, pikiranku lagi kethul.

20Aku ora arep matur apa-apa marang Allah. Yèn ora kebeneran mundhak aku keluputan lan tampa paukuman.

21Saiki langité lagi padhang nganti mblerengi mripat; jalaran mendhungé katerak déning angin.

22Ing sisih Lor katon sinar kuning emas, lan kaluhurané Allah gawé girising ati.

23Allah kita mula Mahakwasa; nganti kita ora tahan marek ing ngarsané. Panjenengané selawasé bener lan adil pangrèhé; ora tau nindhes marang manungsa.

24Mulané wis sapantesé Panjenengané diurmati déning sapa waé; wong sing ngaku pinter ora digapé déning Panjenengané."



 <<  Ayub 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel