Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 4 >> 

1(4:1-2) Élifas: Ayub, apa kowé gelem ngrungokaké kandhaku? Merga aku ora betah yèn mung meneng waé.

2(4:1)

3Akèh wong sing wis kokwulang, lan akèh wong ringkih sing kokkuwataké menèh.

4Tembungmu gawé senenging ati, lan nangèkaké wong sing ambruk, sing lungkrah kesayahen.

5Nanging saiki kowé dhéwé nemu kasusahan. Kowé ngenes lan ora kuwat mikul kasusahanmu.

6Kowé rak wong sing precaya marang Allah; lan uripmu rak tanpa cacad? Yèn mengkono, kuduné kowé tatag lan ora semplah.

7Coba pikiren, apa tau ana wong ora salah koknemu bilai lan paukuman?

8Sangertiku wong sing nandur piala lan nyebar rubéda bakal ngundhuh cilaka lan nemahi sangsara.

9Paukumané Allah kaya prahara, numpes wong nganti sirna.

10Wong ala ngadhuh-adhuh, kaya macan nggero. Nanging dibungkem déning Allah, lan untuné diprèthèli.

11Padha mati kaya singa kaliren, temah anak-anaké padha buyar.

12Tau aku krungu pawarta, kaya wangsit ing kupingku.

13Kaya impèn ala ing wayah bengi, sing ngganggu aku sajroning turu.

14Aku kagèt wedi gemeter, awak sekojur nganti wél-wélan.

15Angin midid nggepok awakku, gawé mengkirig ing githokku.

16Ana wong ngadeg ing ngarepku, dakpandeng, nanging aku ora kenal karo wong mau. Aku nuli krungu swara, nyelani kaanan kang sepi.

17"Apa ana manungsa sing tanpa dosa ana ing ngarsané Allah? Apa ana manungsa sing tanpa cacad ing ngarsané kang nitahaké jagad?

18Dalah para abdiné Allah ing swarga, ora ana sing diprecaya. Senajan para malaékat ora uwal saka piala lan cacad.

19Apa menèh titah sing saka lempung, kena dipithes kaya semut!

20Titah mau ésuk isih urip, soré wis mati glangsaran.

21Barang-darbèké entèk musna, patiné tanpa guna."



 <<  Ayub 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel