Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 41 >> 

1Apa kowé bisa nyekel Léwiatan, mung nganggo pancing iwak? Apa ilaté kena koktalèni nganggo tali lumrah?

2Apa irungé kena kokpasangi keluh utawa wangé koking kémahé nganggo pancing wesi?

3Apa bisa kéwan mau njaluk kokluwari? Utawa rembugan karo kowé njaluk kokwelasi?

4Apa bisa gawé prejanjian karo kowé, lan janji dadi baturmu?

5Apa kéwan mau kena koktalèni kaya manuk ingon-ingon, kanggo dolanan bocah-bocahmu wadon?

6Apa kena digawé barang dagangan déning para nelayan, lan diedum-edum ing antarané para wong adol iwak?

7Apa kulité kena kokcoblos nganggo tumbak sing pucuké telu, utawa endhasé koktumbak nganti tembus?

8Yèn kowé nggepok sepisan waé, kowé bakal ora mindhoni menèh.

9Saben wong sing weruh Léwiatan, bakal dadi lemes, banjur semaput.

10Yèn dibribèni enggoné turu bakal ngamuk; ora ana wong sing wani ngadhepi.

11Sapa sing wani nyerang mesthi bakal ditatoni. Sajagad ora ana wong sing wani karo kéwan mau.

12Dakcritani bab sikilé Léwiatan, bab kekuwatané lan gagahé.

13Ora ana wong sing bisa nisihaké keréné utawa nyoblos sandhangané perang.

14Sapa ing bisa mbukak cangkemé sing rosa kuwi, sing kebak untu pating crangah?

15Gegeré presasat tamèng ditumpuk-tumpuk nèmplèk rapet, atos kaya watu.

16Tumpang-tindhih, ditalèni kenceng nganti angin waé ora bisa mlebu.

17Tamèng mau digathuk-gathukaké kanthi sentosa, nganti mokal bisané udhar.

18Yèn Léwiatan wahing, nyemprotaké sinar kaya pletiking geni, matané mencorong kaya plethèking srengéngé.

19Cangkemé nyemburaké geni ilat-ilatan; kaya kembang api sing muncrat nyang endi-endi.

20Irungé ngetokaké kukus kumelun, kaya kumeluné suket sing diobong ing pawon.

21Ambekané panas, nganti areng mempan lan mengangah; cangkemé metokaké geni kaya obor.

22Githoké saking rosané, nganti kabèh padha wedi ngadhepi.

23Ora ana pérangané kulité sing ringkih; kabèh atos kaya waja, nganti ora bisa pecah.

24Atiné teguhé kaya watu, mulané ora tau mangu-mangu, kukuh lan atos kaya watu penggilingan.

25Yèn dhèwèké ngadeg, sapa waé, senajan sing rosa dhéwé padha pepes atiné, lan ora bisa apa-apa merga saka wediné.

26Kéwan mau ora tedhas dipedhang; tumbak, panah lan trisula, ora bakal natoni awaké.

27Wesi mung dianggep suket, lan tembaga presasat kayu gapuk.

28Panah ora kuwagang nyingkiraké, lan watu sing dibalangaké mung dianggep damèn.

29Gada mung dianggep suket garing; wong sing numbak mung digeguyu.

30Sisiké wetengé lincip-lincip presasat beling, lendhut dikebur lan diciprat-ciprataké.

31Segara dikocok nganti banyuné presasat umob, kaya kwali sing kanggo nggodhog lenga yèn lagi umob.

32Tapaké sikilé sumorot, segara digawé ciblon nganti kebak umpluk putih.

33Titah sajagad ora ana sing nandhingi; makluk sing ora duwé wedi kuwi.

34Kéwan sing luhur dhéwé dianggep asor; ing antarané kéwan sing galak dhéwé, dhèwèké kuwi rajané."



 <<  Ayub 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel