Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 11 >> 

1Bangsa Israèl padha nggrundeli Gusti Allah merga enggoné padha ngrekasa nandhang kekurangan rupa-rupa. Bareng mreng panggrundelé wong Israèl mau, Gusti Allah duka, nuli nekakaké geni ing palèrènan kono. Geniné mulad-mulad ngobong kémah-kémah sawetara.

2Wong-wong banjur padha bengok-bengok njaluk tulung karo Musa. Musa nuli ndedonga marang Allah, temah geniné banjur sirep.

3Merga saka lelakon mau, panggonan kono dijenengaké Tabera. sing tegesé ing panggonan kono Gusti Allah nekakaké geni.

4Ing antarané wong Israèl ana wong-wong manca sing ketagihan mangan énak. Wong-wong Israèl iya banjur ana sing mèlu-mèlu kepéngin mangan iwak, mulané banjur padha grundelan. Tembungé, "Mbok yèn ngéné iki ana sing ngeteri iwak!

5Ana ing Mesir kita bisa mangan iwak satutugé, tanpa ngetokaké dhuwit. Bisa mangan timun, semangka, p‘rei, brambang lan bawang!

6Ana ing kéné kita padha kentèkan tenaga, mangka ora ana sing dipangan, kejaba mung manna thok."

7(Manna kuwi rupané kaya tumbar, wernané putih semu kuning.

8(11:8-9) Tekané ing palèrènan pandhak bengi, bareng karo tibané bun.) Ésuké wong-wong padha nglumpukaké manna, nuli didheplok dadi glepung, banjur digawé roti bunder-bunder utawa gèpèng. Rasané kaya roti sing dipanggang, nganggo lenga zaitun.

9(11:8)

10Musa krungu panggrundelé wong-wong Israèl, sing padha ngadeg nggrombol-nggrombol ing ngarepé lawang Kémah Suci. Gusti Allah duka, nganti Musa sedhih banget.

11Mulané banjur matur marang Allah, "Kénging menapa Paduka tumindak mekaten dhateng kula? Menapa mboten rena dhateng kula? Kénging menapa kula dipun bruki tanggel jawab ngrimati tiyang-tiyang menika?

12Rak sanès kula ingkang nitahaken utawi damel tiyang-tiyang menika selaminipun mlampah dhateng negari ingkang Paduka janjèkaken kaliyan supaos dhateng leluhuripun?

13Samenika tiyang-tiyang menika sami ketagihan, kepéngin sanget nedha ulam. Saking pundi saged kula angsal ulam kanggé nyukani nedha tiyang semanten kathahipun?

14Cekakipun kula mboten sagah nyanggi tanggel jawab ingkang semanten awratipun namung piyambakan!

15Menawi kapurih terus-terusan kados mekaten, nyuwun ngapunten, kula aluwung dipun pejahana kémawon, supados mboten ngraosaken awrating sesanggèn kula."

16Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Kowé nglumpukna wong pitung puluh sing diéringi lan dianggep dadi panuntuné umat iki. Konen ngadhep Aku ing Kémah Suci, ngadeg jèjèr karo kowé.

17Aku bakal tumedhak ndhawuhi kowé. Aku bakal njupuk sapérangané Roh sing Dakparingaké marang kowé, lan bakal Dakedum-edum marang wong mau. Wong-wong mau mengkoné bakal bisa mbiyantu mikul tanggung jawab, ngrumati bangsa iki; dadi kowé ora dhèwèkan."

18Saiki bangsa kuwi kandhanana mengkéné, "Kowé padha nucèkna awakmu kanggo sésuk. Kowé bakal padha mangan iwak. Gusti Allah wis mirengaké pesambatmu lan panggrundelmu; kowé padha kepéngin mangan iwak, lan nganggep yèn ing Mesir kaananmu luwih becik. Saiki Gusti Allah bakal maringi iwak, lan kuwi kudu kokpangan.

19Iwak mau ora mung cukup kanggo sedina utawa rong dina, limang dina utawa sepuluh dina, uga ora mung cukup kanggo rong puluh dina,

20nanging kanggo sesasi muput, nganti kowé jelèh lan wetengmu kewaregen. Kuwi merga kowé padha nampik marang Gusti Allah sing ana ing tengahmu, lan merga kowé wis padha nggrundeli Panjenengané sarta nganggep yèn luwih becik saupama kowé ora lunga saka tanah Mesir."

21Musa uga matur marang Gusti Allah, "Cacahipun tiyang ingkang kawula irid menika 600.000, mangka Paduka ngandika badhé maringi ulam cekap kanggé sewulan?

22Pinten kémawon cacahipun lembu lan ménda ingkang prelu dipun pragat kanggé nyekapi kabetahanipun tiyang semanten dipun klempakaken sedaya rak inggih dèrèng cekap?"

23Gusti Allah paring wangsulan, ‘Pangwasa-Ku iki tanpa wangenan. Saiki uga kowé bakal ngerti, apa sing Dakkandhakaé iki bakal kelakon apa ora."

24Musa banjur meetu saka Kémah Suci lan ngumumaké marang bangsa Israèl kabèh, apa sihng dingandikakaké déning Allah. Musa nglumpukaké para pemimpin pitung puluh, dikon ngadeg ing saubengé Kémah Suci.

25Gusti Allah banjur tumedhak ing méga lan ngandika marang Musa, banjur mundhut sapérangané Roh sing kaparingaké marang Musa, nuli diedum-edumaké wong pitung puluh mau. Bareng Roh nedhaki, wong-wong mau banjur padha caturan kaya nabi, senajan ora let suwé banjur meneng.

26Ana wong loro saka antarané wong pitung puluh mau, yaiku Éldad lan Médad, kari ana ing kémahé, ora mèlu ngadeg bebarengan karo kanca-kancané ing Kémah Suci. Wong loro mau uga katedhakan Roh lan iya padha caturan kaya nabi.

27Ana nonoman sing weruh lelakon mau, banjur mlayu awèh weruh marang Musa.

28Yosua bin Nun, abdiné Musa, sing wiwit nom dadi pembantuné, matur marang Musa mengkéné, "Ndara, tiyang kalih menika dipun dhawuhana supados sami mèndel!"

29Wangsulané Musa, "Kokmempeng temen enggonmu mbélani aku? Sing daksuwun malah supaya Gusti Allah kersa maringaké Rohé marang sabangsa kabèh, lan ndadèkaké sabangsa kabèh dadi nabi!"

30Musa banjut mulih, semono uga wong pitung puluh mau padha mulih menyang kémahé dhéwé-dhéwé.

31Gusti Allah nekakaké angin saka segara. Angin mau nggawa manuk gemak pirang-piran sing padha mabur cendhèk banget. Tekan palèrèhane wong Israèl manuk-manuk mau padha méncok saenggon-enggon nganti sawetara kilomèter sakiwa-tengené palèrèhan. Saking akèhé nganti padha tumpang tindhih, dhuwuré tumpukané wetara samèter.

32Sedina kuwi, benginé sewengi muput lan ésuké sedina dheg wong Israèl padha sengkud nglumpukaké manuk gemak mau. Saben wong nglumpukaké ora kurang saka sèwu kilogram. Manuk-manuk mau padha disigari lan dipépé nganti garing ana ing sakubengé palèrènan.

33Gusti Allah duka pirsa enggoé padha dremba lan nggragas, mulané banjur diukum srana pageblug.

34Merga saka kuwi panggonan kono dijenengaké "Kibrot-Taawa (kuburan dremba)," jalaran iya ana ing kono panguburé wong sing padha mati kena paukuman mau.

35Bangsa Israèl ngalih ssaka kono menyang kutha Hazérot lan masang kémah ana ing kono.



 <<  Bilangan 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel