Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 14 >> 

1Ana wong-wong Israèl sing sewengi dheg padha nangis pating jlerit.

2Padha nggrundeli Musa lan Harun, tembungé, "Rak luwih becik kita padha mati ing tanah Mesir utawa ing segara wedhi kéné!

3Apa preluné Gusti Allah ngirid kita menyang tanah Kenaan kuwi? Kita rak mung bakal mati ing peprangan lan anak-bojo kita dadi tawanan. Ayo, kita padha bali waé menyang tanah Mesir!"

4Sing siji banjur kandha karo sijiné, "Ayo padha milih pemimpin lan bali menyang Mesir menèh!"

5Musa lan Harun banjur padha jèngkèng ana ing ngarepé bangsa Israèl.

6Yosua bin Nun lan Kalèb, sing uga padha dadi telik mau, padha nyuwèk-nyuwèk sadhangané, mretandhani sedhihing atiné.

7Banjur kandha karo wong Israèl kabèh "Tanah sing kita dlajahi kaé ora ana sing madhani apiké.

8Yèn ana keparengé Allah, Panjenengané bakal ngirid kita mrana lan maringaké tanah sing loh lan subur kuwi marang kita.

9Aja padha nglawan marang kersané Allah. Bangsa-bangsa kuwi bakal kita telukaké klawan gampang. Apa Allah ora mimpin kita? Lan Panjenengané wis nelukaké para déwa sing ngayomi bangsa-bangsa mau. Mulané aja wedi."

10Wong sing nglumpuk ing kono ngancam arep mbenturi watu wong papat mau nganti mati. Dumadakan cahya kamulyané Allah ngetingal ing sandhuwuré Kémah Suci.

11Pangandikané Allah marang Musa, "Pira lawasé bangsa iki enggoné nglawan marang Aku? Pira suwéné enggoné tetep ora ngandel marang Aku, senajan wis padha weruh kaélokan pirang-pirang sing Daktindakaké?

12Mulané bangsa iki bakal Dakélingaké nganggo paukuman. Lan kowé, Musa, bakal Dakdadèkaké leluhuré bangsa sing luwih gedhé lan luwih prakosa ketimbang bangsa iki!"

13Nanging aturé Musa, "Dhuh Allah, tiyang Mesir sampun sami mangertos, bilih Paduka piyambak ingkang ngirid bangsa menika medal saking tanah Mesir.

14Lan criyos menika sampun kodhang ing ngatasipun bangsa-bangsa ing ngriki. Dados sampun sami mangertos bilih Paduka nuntun bangsa menika. Ugi sampun sami mireng, bilih Paduka ngetingal kalayan cetha menawi méga Paduka kèndel ing sanginggil kula sedaya. Ing wanci siyang Paduka ngrumiyani lampah kawula sedaya ing salebeting méga, sarta menawi dalu ing salebating tugu latu.

15Menawi Paduka nyirnakaken umat menika, bangsa-bangsa ingkang sampun sami mireng bab pangwaos Paduka, sami badhé criyos,

16bilih Paduka sampun mejahi umat menika ing ara-ara samun, mergi mboten saged ngirid umat menika mlebet ing negari, ingkang sampun Paduka janjèkaken.

17Pramila, dhuh Pangéran, Paduka kersaa ngetingalaken pangwaos Paduka dhateng para abdi Paduka, lan kersaa nindakaken menapa ingkang sampun Paduka janjèkaken. Paduka sampun ngandika,

18‘Aku, Allah ora gampang duka. Sih lan kasetyan-Ku Dakparingaké klawan lubèr. Aku ngapura marang wong sing nerak wewaler-Ku lan nglawan marang Aku. Senajan mengkono paukuman tumrap kaluputané para bapak bakal Daktibakaké marang ana-putuné, turun ping telu lan ping pat.’

19Samenika, dhuh Allah, mergi Paduka ngasihi umat menika lan setya dhateng janji Paduka, kawula nyuwun kersaa ngapunten dosanipun umat menika, kados déné enggèn Paduka ngapunten piyambakipun wiwit sami medal saking tanah Mesir."

20Gusti Allah banjur ngandika, "Ya wis, Aku bakal ngapura dosané umat iki, kaya panyuwunmu.

21Nanging Aku janji nganggo dhasar gesang-Ku piyambak lan kaluhuran-Ku sing ngèbeki bumi,

22wong iki kabèh siji waé ora ana sing lestari lan mlebu ing tanah sing wis Dakjanjèkaké marang para leluhuré, merga ora padha mbangunturut marang Aku lan ora uwis-uwis nyoba marang Aku. Mangka wis padha weruh kamulyan-Ku. Mangka wis padha weruh kamulyan-Ku sing mblerengi, lan kaélokan-kaélokan sing Daktindakaké ing tanah Mesir lan ing ara-ara samun.

23Wong-wong kuwi mesthi ora bakal mlebu ing Tanah Prejanjian. Ing antarané wong-wong mau ora bakal ana sing napakaké sikilé ing tanah kono.

24(14:24-25) Kejaba abdi-Ku Kalèb. Dhèwèké setya marang Aku. Mulané bakal Dakgawa menyang tanah sing wis didlajahi. Tanah ngaré sing dienggoni wong Amalèk lan wong Kenaan saiki bakal dadi duwèké anak-turuné Kalèb, abdi-Ku. Dadi sésuk kowé, Musa, balia menyang ara-ara samun, sing tekan Teluk Akaba."

25(14:24)

26Pangandikané Gusti Allah marang Musa lan Harun,

27"Isih pira lawasé wong-wong ala iki enggoné ngedumel nglawan marang Aku? Aku wis bosen ngrungokaké panggrundelé!

28Padha wangsulana mengkéné; Allah ngandika, ‘Aku sumpah nganggo dhasar asma-Ku dhéwé, kowé bakal ketekan kaya sing kokjaluk dhéwé. Aku iki Pangéran, kaya mengkono pangandika-Ku.

29(14:29-30) Kowé bakal padha mati lan layonmu bakal pating gléthak ana ing segara wedhi kéné. Kejaba Kalèb lan Yosua ora ana panunggalanmu sing umuré rong puluh taun munggah bakal mlebu ing tanah sing wis Dakjanjèkaké marang kowé.

30(14:29)

31Kowé padha ngucap yèn anak-anakmu bakal dadi tawanan! Nanging bocah-bocah kuwi sing bakal Dakgawa mlebu ing tanah, sing koktampik mau; lan tanah kono bakal dadi duwèké.

32Déné kowé bakal padha mati ing segara wedhi kéné.

33Anak-anakmu bakal nglembara ing ara-ara samun kéné nganti patang puluh taun lawasé. Merga enggonmu ora setya, anak-anakmu bakal padha nandhang sangsara, nganti wong panunggalanmu sing pungkasan mati.

34Kowé bakal padha nyangga dosamu nganti patang puluh taun lawasé, miturut cacahé dina enggonmu padha nelik ndlajahi tanah mau, yakuwi patang puluh dina; sedina kaétung setaun. Kowé bakal ngrasakaké kepriyé rasané yèn Daksingkur!

35Aku sumpah yèn Aku bakal nindakaké sing mengkono mau marang kowé; lan wong ala sing padha saiyeg nglawan marang Aku. Ing segara wedhi kéné kowé kabèh bakal ngalami mati. Aku, Pangéran sing ngandika!’"

36(14:36-37) Wong-wong sing padha dikongkon Musa nelik ing tanah Kenaan sabaliné padha gawé laporan sing ora nyata, nganti ndadèkaké wong Israèl padha ngedumel marang Gusti Allah. Mulané padha diukum srana pageblug, kang njalari patiné.

37(14:36)

38Panunggalané wong rolas sing nelik tanah Kenaan, mung Yosua lan Kalèb dhéwé sing padha lestari urip.

39Nalika Musa nglantaraké dhawuhé Pangéran mau marang umat Israèl, kabèh padha sedhih banget.

40Ésuké isih umun-umun wong-wong mau padha tata-tata arep nglurug menyang daérah pegunungan. Tembungé, "Pancèn aku wis padha nglakoni dosa. Nanging saiki aku arep padha menyang tanah sing dingandikakaké marang kita."

41Nanging Musa kandha, "Yagéné saiki kowé arep nglanggar dhawuhé Allah? Kowé ora bakal olèh gawé!

42Aja padha lunga. Kowé bakal kalah perangmu merga Allah ora nunggil karo kowé.

43Yèn kowé perang karo wong Amalèk lan wong Kenaan, kowé kabèh bakal mati ing peprangan. Allah ora bakal mitulungi kowé, merga kowé padha mbaléla marang Panjenengané."

44Éwasemono wong-wong Israèl mau padha ora ngrèwès, malah tanpa dipikir dawa padha menyang daérah pegunungan, senajan Musa lan Pethiné Prejanjian ora mèlu mangkat.

45Wong Amalèk lan wong Kenaan sing padha manggon ing kana padha nglawan wong Israèl, temah wong Israèl padha kalah, sarta dioyak nganti tekan kutha Horma.



 <<  Bilangan 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran